Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
56 dari 59
290–291 dari 323
2.896–2.905 dari 3.223
56.006 para mantri kang lumajar | sapraptane ing ngarsane apatih | kagyat amiyarsa atur | sigra undhang têngara | bêndhe bèri gumuruh wadya akumpul | budhal arsa tulung ing prang | Pangran Sampang kang nindhihi ||
56.007 agya lampahe kapapag | kang kaplajar ing marga wong Kumpêni | maksih asru dèn bêbujung | dening wong Surabaya | wong Madura mêgati parêng anêmpuh | rame ananggulang ing prang | dadya uwaling Kumpêni ||
56.008 wong Madura yudanira | ngundur-undur umêksa ing Kumpêni | wong ing Surabaya anglud | nanging para dipatya | myang Kumpêni kang bantu saya kèh rawuh | mundur wong ing Surabaya | maring Wanakrama baris [[f. 266v]] ||
56.009 kacarita tigang wulan | anèng Wanakrama sang adipati | eca dènira kêkuwu | tan ana magut ing prang | eca dènnya kasukan wong Surèngkewuh | pajêg anèng Wanakrama | gêng alit tan ana mulih ||
56.010 dukinêpung[1] anèng kitha | pitung sasi lamine wong pasisir | gènnya sami baris tugur | miwah wong Kartasura | myang Kumpêni tan ana wani amagut | eca samya dhêp-adhêpan | nahan kawarna sang aji ||
56.011 Kartasura sampun myarsa | yèn kang aprang kasor wadya kèh mati | lèn Kumpêni kathah lampus | mangkana ta winarna | aparentah sang nata akèn abantu | sakèh wong ing Pamajêgan | Banyumas Banjar kinêrig ||
56.012 Mardèn Panjêr lawan Rema | atanapi Pamajêgan Matawis | kinarya têtindhihipun | Dêmang Jayawinata | lawan Jayasamodra kang ngirid laku | wus budhal saking nêgara | datan kawarna ing margi ||
56.013 praptèng nagri Surabaya | Dêmang Jawinata panggya patih |[2] miwah Amral wus acundhuk | Dêmang Jayawinata | sakancane wus pinarnahakên kuwu | nahan gantia winarna | prajurit kang saking Bali ||
56.014 srayane Pangeran Sampang | ingkang seda ing lautan ing nguni [[f. 267r]] | amèt sraya ing wong Bangsul | Dewa Kêtut wastanya | mangke prapta anggawa prajurit sèwu | praptèng kitha Patunjungan | myarsa pangran wus ngêmasi ||
56.015 ngamuk anèng palwa kapal | gih punika inguni kang nyuruhi | Dewa Kêtut asru ngungun | dadya akèn bêbahak | wong Madura gègèr akathah kang nusul | maring nagri Surabaya | atur uningèng dipati ||
290–291 dari 323

 


duk kinêpung (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 149.107.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.108.1). (kembali)
Kurang satu suku kata: Dêmang Jayawinata panggya patih. (kembali)