Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
57 dari 59
296–297 dari 323
2.957–2.966 dari 3.223
57.032 | anujoni ing taun Jimakhir | paksa karya obahing bantala |[1] putra kalih pangluruge | gêgaman sri dinulu | sapraptaning wetan Samanggi | gènnya amisah lampah | kang rayi angidul | Pangeran Dipanagara | ngalor ngetan praptèng Gêrompol amrêgil | dening Pangran Balitar || |
57.033 | lampahira Kêpuhbuta mrêgil | pangajênge praptèng Ngadiraja | Garwakăndha[2] têtindhihe | dhasar wadananipun | wong kaparak amung sawiji | kiwa têngên Ki Garwa- | kăndha kang amêngku | nahan ganti kawarnaa | Tambakbaya lan Wiratanu udani | wong Kartasura têka || |
57.034 | ingkang angirid baris putra ji | agya mundur maring Pranaraga | pangajêng Kartasura [[f. 273r]: Karta...sura] ge | budhal barise maju | mring Kaduwang pangran amrêgil | anèng ing Ngadiraja | enjingira laju | budhal mring kitha Kaduwang | nahan Pangran Dipanagara kang lagi | jêng-ajêngan ing yuda || |
57.035 | lan wong Surabaya dèrèng jurit | kasaru wontên srat dalêm prapta | tinupiksa wor lamate | muni poma ta kulup | surat aja sira ungkabi | besuk tupiksanana | yèn sira wus têmu | lawan Si Jayapuspita | ingkang surat pan sampun tiningkêm malih | pangran angunadika || |
57.036 | surasaning driya wus kapanggih | sira Pangeran Dipanagara | nguni wus dèn lêlèjême | dadya ing tyas amupus | ngadêg suranira ing galih | Pangran Dipanagara | animbali gupuh | kang ipe prapta ing ngarsa | Radèn Arya Wiradirja kang wêwangi | anulya binisikan || |
57.037 | mêsat datan kawarna ing margi | praptèng Kiping panggya Kartayuda | wus kawrat saprakarane | duta wus amit mundur | lampahira datanpa kanthi | Ariya Wiradirja | ing saungkuripun | suka Dêmang Kartayuda | asawega agya akèn angundhangi | prajurit arsa mapag || |
57.038 | mring Pandonan arsa amondhongi | maring Pangeran Dipanagara | Dyan Wiradirja lampahe | prapta ing ngarsanipun | pangran matur sasolahnya [[f. 273v]: sasolah...nya] nting | katur dhatêng pangeran | akgya[3] undhang wadu | sêmana kang tinindhihan | wadya Kalang Gowong lan abdi pêpinggir | miwah wadya arahan || |
57.039 | pangran aris ngandika mring dasih | iya sapa kang trêsna maringwang | wadyaningsun sarupane | anusula maringsun | besuk yèn wis kambu kang baris | ing mêngko ta maksiha | apajêg barismu | nunggala wong Kartasura | lamun bubar aja sira pisah têbih | ing besuk amisaha || |
57.040 | yèn wis antara têka sawêngi | dèn age padha sira balia | para gêrwaningsun kabèh | aja na kapalaur | lah tinggalên sajroning biting | kawarnaa Ki Dêmang | Kartayuda rawuh | sawadya bêndhe angangkang | umung surak awor lawan Carabali | gumêrah anggêgila || |
57.041 | apuyêngan kang anèng jro biting | wong Kartasura agya sawega | pangran mêdal jaban bètèng | dènira ngandika sru | maring sagung kang para mantri | iya aja na obah | ingsun arsa wêruh | rupane mungsuh kang prapta | têtunggule pangran agya nitih waji | lan panakawan sêpta || |
296–297 dari 323
1 | Tanggal: paksa karya obahing bantala (AJ 1642). Tahun AJ 1642 jatuh antara tanggal Masehi: 5 Desember 1717 sampai dengan 24 November 1718. Lihat juga: kalih adi rasa putra (AJ 1642) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 150.34.2–3). Sangkala ini merujuk pada keberangkatan dua pangeran, Dipanagara dan Balitar, dari Kartasura menuju medan perang di timur, dengan tujuan memukul mundur pasukan Surabaya yang bertahan di wilayah Kaduwang. (kembali) |
2 | Gêrwakăndha (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | agya. (kembali) |