Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
57 dari 59
298–299 dari 323
2.976–2.985 dari 3.223
57.051 Panêmbahan sampun dèn aturi | upacara busananing nata | myang [[f. 275r]] wadya magêrsarine | prajurit pitung atus | ikang kawan atus wong Bali | sangkêp sagêgamannya | busana sri murub | samya sêsondhèr rang-rangan | tan kêna sah catur tus prajurit Bali | kalawan panêmbahan ||
57.052 lurahira kêkasih Ki Muni | lan Ki Mulat ana malih prapta | bantoni Panji Balèlèng | kêkasih Gusi Agung | bakta limang atus prajurit | Dipati Martapura | alon aturipun | wau dhatêng Panêmbahan | Èrucakra punapa karsaning gusti | prakawising ayuda ||
57.053 yèn suwawi lan karsaning gusti | ngadhatona nagara ing Daha | ecaa sineba bae | dening prakarèng ripu | angamungna pun Adipati | Martapura kawawa | ananggulang mungsuh | panêmbahan angandika | sun tarima ki raka sun angawaki | sêsinau ing yuda ||
57.054 matur malih pun kakang Dipati | Sasranagara kawula bêkta | lan măncanêgari kabèh | sawetan Ardi Lawu | sampun owah kadya ing nguni | taksiha nèng pun kakang | kangarêpna[1] mungsuh | Surabaya gih pun kakang | Adipati Panatagama lan Panji | ngarêpêna Wêlănda ||
57.055 dadining rêmbag satêngah sasi | laminira gènnya nèng Trawulan | nulya budhal sawadyane | saking Trawulan kêbut | Adipati Nataagami [[f. 275v]: Nata...agami] | ngatêrakên ing marga | gya tinulak wangsul | risampune jawab[2] tangan | kur-ungkuran Sasranagara Dipati | kang milyèng panêmbahan ||
57.056 tan kawarna lampahirèng margi | Panêmbahan Èrucakra prapta | ing Madiun sawadyane | pra gêrwa samya mêthuk | miwah wadya wus padha prapti | wadya Dipanêgaran | sadaya anusul | mring Madiun wus apanggya | lawan gusti miwah wong măncanêgari | sumiwèng panêmbahan ||
57.057 Adipati Sasranêgara glis | undhang-undhang asru dènnya mojar | hèh padha pyarsakna kabèh | pangran wus madêg prabu | jinungjung ing kakang dipati | jêjuluk Panêmbahan | Èrucakra nêrus | Senapati Ing Palagan | Ngabdurrahman Panatagama ing Jawi | padha angèstokêna ||
57.058 angèstrènana jênênge aji | Panêmbahan Èrucakra ikang | angranggoni amêngku ngrèh | sawetan Ardi Lawu | sakidule ing jalanidi | sakulon Bêlambangan | kabèh kang amêngku | Panêmbahan Èrucakra | wadya măncanagara samya ngèstrèni | lènte wong Èrucakran ||
57.059 panêmbahan akèn angundhangi | mring sakèhe wong măncanagara | yèn Dêmang Kartayudane | wus sinungan jêjuluk [[f. 276r]] | Adipati Sasranêgari | wus mufakat sadaya | sêmana winuwus | Panêmbahan Èrucakra | kalanira siniwèng para dipati | pinarêk ing dhêdhampar ||
57.060 kang mangka pamugarining jurit | sira Dipati Sasranagara | angrèh para prawira kèh | tatag prawira têguh | ambêk sura titihing jurit | ênêngakna sêmana | ganti kang winuwus | Dipati Panatagama | maksèng Japan sigra anuduh kang rayi | banjêl mring Surabaya ||
298–299 dari 323

 


kang ngarêpna. (kembali)
jawat. (kembali)