Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
57 dari 59
299–300 dari 323
2.987–2.996 dari 3.223
57.062 Pangran Dipanagara ambalik | anèng Madiun umadêg raja | suyud măncanagri kabèh | gya pangeran anuduh | atur uning rama sang aji | dutanira wus mêsat | Kartasura rawuh | surat katur ing narendra | tinupiksa kampita driyanira ji | nêhêr agya parentah ||
57.063 wadya gêdhong tinuduh sapalih | ambantoni Pangeran Balitar | budhal mantri sasikêpe | timbalane sang prabu | kinèn ngangsêgêna kang baris [[f. 276v]: ba...ris] | marang ing Pranaraga | tan kawarnèng laku- | nira wadya gêdhong prapta | kang bantoni caraka ikang angirid | tundhuk lawan pangeran ||
57.064 wus kadriya timbalaning aji | nulya undhang bala lajêng budhal | saking tiris sawadyane | Gêrwakăndha nèngayun | cucuking prang Panji Tohpati | Kartabasa kalawan | Sêcadironèku | praptèng nagri Pranaraga | mingêr ngalèr praptèng Gêgadhêg abaris | pangran nèng Pranaraga ||
57.065 Panêmbahan Èrucakra myarsi | yèn kang rayi ngangsêg barisira | agya undhang punggawane | budhal arsa amêthuk | ing ayuda sira Dipati | Sasranêgara ngarsa | lawan Gusi Agung | prajurit Nusakambangan | lampahira ing Gêgadhêg agya prapti | lajêng campuh ing yuda ||
57.066 Gêrwakăndha ingkang anindhihi | wadya Kaparak wong Balitaran | Sêcadirana tindhihe | rame campuhing ripu | Adipati Sasranêgari | sigra nrêgakên wadya | wong Surabayanduk | tadhah wong ing Balitaran | gulang-gulang Samaputra Judhipati | awor wong Jagasura ||
57.067 ngantêp ing prang tan ana gumingsir | anadhahi wong Nusakambangan | malah caruk watang prange | rame asilih lawung [[f. 277r]] | wong Kaparak angantêp jurit | Jêng Pangeran Balitar | jênêngi ing pungkur | Panêmbahan Èrucakra | anjênêngi ing prang gènira mirangti | aling-alingan desa ||
57.068 asmu merang mulat ingkang rayi | mila mirangti alingan desa | mung wong Surabaya bae | lawan prajurit Bangsul | atanapi wong măncanagri | ingkang dèn adu ing prang | mangsah Gusi Agung | prajurit Nusakambangan | ngamuk nêngah myang sagung para bupati | angawaki ing yuda ||
57.069 atanapi sira Adipati | Sasranagara mangsah ing yuda | awahana kêbo bule | rahab sangkêlat wungu | panandêre kadya turanggi | binarondong sanjata | eca dènnya gambul | anêmpuh Ki Gêrwakăndha | wong kapêdhak pêngkuh dènira nandhahi | rame sêrang-sinêrang ||
57.070 wong Balitaran byuk anulungi | Sêcadirana lan Kartabasa | Panji Tohpati tunggule | santana patang puluh | kang dèn irid parêng angukih | pêpati wus akathah | rewang awor mungsuh | surake kadya ampuhan | mantri gêdhong alap-alap kang ngêmasi | sigra Ki Gêrwakăndha ||
57.071 asru ngatah[1] sakèh para mantri | sarêng mangsah pra Mantri Kaparak | wong Surabaya kèh longe | sapih kasaput dalu | Panêmbahan Èrucakra glis | kondur amasanggrahan [[f. 277v]: amasang...grahan] | mring kitha Madiun | makuwon wong Kartasura | anèng Gadhêg Pangran Balitar Dipati | kondur mring Pranaraga ||
299–300 dari 323

 


ngatag. (kembali)