Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6 dari 59
18–19 dari 323
176–185 dari 3.223
| 6. Durma | |
| 06.001 | tinêtêgan budhal sakèhing gêgaman | lir robing kang jaladri | busananing wadya | tinon lir arga sêkar | barisira wong Kumpêni | alêlumbungan | ngarsa Makasar Bugis || |
| 06.002 | pangawate pasisir kabèh mangiwa | têngên măncanêgari | wong ing Kartasura | rumêksèng wuri nata | ing dhadha bala Kumpêni | ing Jabung prapta | ayun-ayunan [[f. 19v]: ayun-a...yunan] jurit || |
| 06.003 | sigra mangsah wadya prawira Kalagan | tadhah wong Kartawani | rame campuhing prang | apanggih padha sura | pangêdrèle wong Kumpêni | lir ruging arga | lir udan drêsing mimis || |
| 06.004 | abendrongan gurnate lawan gurnada | mariyêm gutuk api | tiktak kalantaka | kadya gêlap sanambang | swaraning sanjata muni | awor lan surak | lir obah kang pratiwi || |
| 06.005 | gya tumangkêb pasisir măncanêgara | saking kanan lan kèri | pan ingamuk bubar | marang wadya Kalagan | angungsi baris Kumpêni | Prabu Mêngkurat | duka arsa ngawaki || |
| 06.006 | Kyai Bicak tinabuh muni angangkang | mangsah sagung prajurit | sêdya ngantêp ing prang | gêlar anyupit urang | ing dhadha wadya Kumpêni | sungut Makasar | bêbau wong pasisir || |
| 06.007 | sakathahe pra nayaka Kartasura | ingkang dadya sêsupit | parêng anduk mangsah | rusak wadya Kalagan | akathah ingkang ngêmasi | mundur lon-lonan | rêmpêg dènnya lumaris || |
| 06.008 | ingkang nandhang brana sadaya binêta | kasaput dening wêngi | Sang Sri Naranata | Amangkurat ngadhatyan | myang sawadyabala atri | miwah Wêlănda | sadaya mundur mulih || |
| 06.009 | Natèng Nglaga ing Kuwêl pakuwonira | ya ta wau winarni | Prabu Kartasura | animbali Dipatya | Urawan tumamèng puri | prapta ing ngarsa | sang nata ngandika ris || |
| 06.010 | lah sun duta Urawan sira ipuka [[f. 20r]: ipu...ka] | adhimas adipati | ing Pugêr kênaa | bêcik kalawan ingwang | poma ta dèn olèh kardi | sandika nêmbah | mêdal wus winawêling || |
18–19 dari 323