Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6–7 dari 59
20–21 dari 323
199–208 dari 3.223
| 06.024 | angandika aris sang sri naranata | wis mênênga sumêndhi | sun turut turira [[f. 21r]: turi...ra] | iya sira muliha | aturêna sêmbah mami | maring kaka mas | lan galap gampil mami || |
| 06.025 | Ki Urawan ature sangêt lênggana | yèn suwawi jêng gusti | ikang putusana | angaturana surat | ing raka paduka aji | dening kawula | benjing sarêng lan gusti || |
| 06.026 | dados kandêl inggih ing lampah kawula | tan tinaha driya ji | Sang Nata Ngalaga | aris kang pangandika | hèh Kalêng dandana aglis | aturna surat | ingsun ing kaka aji || |
| 06.027 | Dêmang Kalêng asaos wus tampi surat | lèngsèr lampahira glis | praptèng Kartasura | nata sêdhêng sineba | Dêmang Kalêng tumulya glis | tumamèngarsan-[1] | ira radèn apatih || |
| 06.028 | agya katur ingkang surat ing sang nata | pinundhut tinupiksi | duta tinimbalan | prapta ngarsa ling nata | wong apa dutane ari | matur anêmbah | nênggih mantri pamijil || |
| 7. Mijil | |
| 07.001 | dyan winaos sinuksmèng ing ati | atur sêmbahnya ngwong | rifta narpa Natèng Alagane | kaatura ing pada kakang ji | ingkang angranggoni | winarja winangun || |
| 07.002 | ulun atur pati lawan urip | sumăngga rèh katong | saking sangêt kawula kasupèn | yèn adarbe panêmbahan yakti | gagênti rama ji | inggih kadang sêpuh || |
| 07.003 | dununging sêmbah kang kaping kalih | sumăngga wak ingong | kinurêbêna ing abahane | tan sawala kawula nglampahi | pati lawan urip | sumangga rèh prabu || |
| 07.004 | lir jinaityasira[2] sang aji | kantun dènnya maos | dadya ngandika [[f. 21v]] undhangana ge | patih para wêdananing mantri | sun arsa nindaki | amapag ing besuk || |
| 07.005 | duta sampun ingangsulan tulis | lan sampun sinangon | Dêmang Kalêng lumèngsèr lampahe | tan kawarna ing marga gya prapti | ing Kuwêl tumuli | tumamèng ing ngayun || |
20–21 dari 323
| 1 | tumamèng ngarsan-. (kembali) |
| 2 | jinait tyasira. (kembali) |