Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
7 dari 59
21–22 dari 323
204–213 dari 3.223
| 7. Mijil | |
| 07.001 | dyan winaos sinuksmèng ing ati | atur sêmbahnya ngwong | rifta narpa Natèng Alagane | kaatura ing pada kakang ji | ingkang angranggoni | winarja winangun || |
| 07.002 | ulun atur pati lawan urip | sumăngga rèh katong | saking sangêt kawula kasupèn | yèn adarbe panêmbahan yakti | gagênti rama ji | inggih kadang sêpuh || |
| 07.003 | dununging sêmbah kang kaping kalih | sumăngga wak ingong | kinurêbêna ing abahane | tan sawala kawula nglampahi | pati lawan urip | sumangga rèh prabu || |
| 07.004 | lir jinaityasira[1] sang aji | kantun dènnya maos | dadya ngandika [[f. 21v]] undhangana ge | patih para wêdananing mantri | sun arsa nindaki | amapag ing besuk || |
| 07.005 | duta sampun ingangsulan tulis | lan sampun sinangon | Dêmang Kalêng lumèngsèr lampahe | tan kawarna ing marga gya prapti | ing Kuwêl tumuli | tumamèng ing ngayun || |
| 07.006 | makidhupuh nêmbah atur tulis | wêwangsuling katong | gya tinampan binuka têmbunge | pèngêt bêbukaning surat aji | têkaa mring ari | salam donganingsun || |
| 07.007 | wiyose yayi sira tur tulis | wus katur maringong | sun tupiksa têkèng ubayane | liwating suka rêna kang ati | lah praptaa yayi | ing Soma sun pêthuk || |
| 07.008 | titi têlas saèsthining tulis | tusthèng tyas narpa nom | dening raka dahat prasêtyane | Ki Urawan tinimbalan prapti | ngarsa sinung paksi | ing surat sul-angsul || |
| 07.009 | wadya sigra samya dèn undhangi | bongkok bêdhil waos | datan ana sawala karsane | tan kawarna laminira prapti | ing Soma sang aji | sawegarsa mêthuk || |
| 07.010 | wus samapta sagunging bupati | gumêrah punang wong | prawara wus magêlaran andhèr | pratiwa mantri anata baris | miwah wong Kumpêni | gênggêng barisipun || |
21–22 dari 323
| 1 | jinait tyasira. (kembali) |