Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 59
23–24 dari 323
228–237 dari 3.223
07.025 ămba punika nênggih rumiyin | pan kinarya katong | asêsilih Prabu Nglagane |[1] mangke lamun taksiha nama ji | asaru kang nagri | dahat naru wuwus ||
07.026 angandika aris sri bupati | atarima ingong | tanah Jawa ya sira kang duwe | yèn rusaka kelangan pribadi | mêngko sira prapti | lintang bungah ingsun ||
07.027 apadene pra nayaka mantri | bungah sira rawoh | ingkang rayi manêmbah lumèngsèr | sapraptane pagêlaran panggih | lan radèn apatih | dhawuhakên wuwus ||
07.028 lah undhangna ing wadya gung alit | iya namaningong | Pangran Adipati Pugêr bae | pan wis mari sun kasêbut aji | awisma kadingding | tuduhe kang prabu ||
07.029 Radèn Natabrata dèn [[f. 23r]: dè...n] pêjahi | dosanira linyok | bisa agawe-gawe ature | milanipun atêmahan jurit | marganira saking | Dyan Natabratèku ||
07.030 datatita ri sampun alami | miyos sang akatong | asri akapang Magêrsarine | Priyantaka lawan Saragêni | Dwaja ngapit-apit | Nirbaya sumambung ||
07.031 Sangkragnyana sikêp pêdhang tamsir | sinisihan kang wong | Jagabaya sikêp pêdhang tamèng | wong pinilih asisih lan miji | Kanoman asisih | wong Patrayudèku ||
07.032 Brajanata lan Wirabrajèki | myang Wisamarta ngwong | sinisihan wong Kartiyasane | Tanuastra Udamênggalèki | wong nutra asisih | kalawan wong mandhung ||
07.033 Jagasura sisih Judhipati | Gandhèk Mantri Anom | munggèngarsa[2] katanggung sambunge | Maudara lan Patranalèki | wong Singanêgari | sisih Martalulut ||
07.034 kabayan angapit kanan kèri | kriya awor gêdhong | kapering wuri wetan prênahe | Suranata ajajar lan Carik | Gowong lan Undhagi | Margasa atêpung ||
23–24 dari 323

 


1 Kurang satu suku kata. Bandingkan: asêsilih Prabu Ngalagane (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 185.29.3); asêsilih Sunan Ngalagane (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 127.20.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 37.30.3). (kembali)
2 munggèng ngarsa (dan di tempat lain). (kembali)