Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 59
28–29 dari 323
279–288 dari 3.223
09.012 nèng bêlokan wus samadya sasi | nora mangan ngèsthi kasantikan | lêlamporan wêlut putèh | tan măntra bisa ucul | sira bocah pêksa kumaki | muga Bathara Krêsna | tiwikrama tuhu | ring ajur-ajèr tan kewran | sira bocah pangucapmu pêksa luwih | mulane nèng bêlokan ||
09.013 sira Untung mèsêm dènira ngling | ingsun ora rêmbugan lan sira | apikiran lan wong akèh | lah iya sasukamu | kudu dhêmên awèta sakit | liyane têkèng rika | kang sun ajak rêmbug | kabèh sanak-sanak ingwang | yèn anaa ingkang bisa anguculi | lah apa karêpira ||
09.014 kang wong akèh padha anauri | yèn ucula marga saking sira | iya sanakira kabèh | apa rèhira anut | nadyan prapta ing lara pati | alah mati bêlokan [[f. 27r]: bêloka...n] | Ki Untung gumuyu | sarwi ngunus sikilira | pan wis ucul saking pabêlokan wêsi | cingak sakèhing mulat ||
09.015 têtarungkon wong sawidak kalih | inguculan wus ucul sadaya | amung wong siji kang maksèh | kang anyampahi wau | mêksih nora dipun uculi | sakèhe kang wus luwar | mojar ing Ki Untung | lah ta paran karsanira | dening ingsun wus ucul margèng sirèki | mêngko apa rèhira ||
09.016 sira Untung anauri aris | karêp ingsun angamuk Wêlănda | paran karêpira kabèh | wong akèh padha muwus | nadyan silih gêpuka loji | kabèh nora suminggah | ing rèhira Untung | nanging wèhana gêgaman | lan maninge golèkna sêsarap dhingin | dimène padha kuwat ||
09.017 Untung anauri wacana ris | yèn mangkono lah padha karia | sun lunga sadhela bae | risaksana Ki Untung | lawang gêdhong dinêdêl wani | kuncinira malêsat | Ki Untung wus mêtu | cinatur kala sêmana | ngandhut patrêm tapak gêngira sanyari | sapraptanirèng jaba ||
09.018 kang ajaga pinatrêm wus mati | gumaledhag niba kapisanan | kunci wus pinasang manèh | agya mintar Ki Untung | prasanake dipun ulari | tan asuwe sêmana | kêkalih katêmu | gupuh padha rêrangkulan | prasanake karo muwus awor tangis | paran ing polahira ||
09.019 salawase sira nandhang sakit | ingsun arsa têtilik tan bisa | mêngko katêmu ing kene | mayo mulih dèn gupuh | maring wisma Untung [[f. 27v]] umiring | prapta ing wismanira | wong sanake gupuh | kabèh padha pinajaran | yèn Ki Untung prapta tur amanggih kardi | sadaya age mara ||
09.020 parêng mulat angrangkul anangis | gumarumung Ki Untung lingira | sanak-sanak ingsun kabèh | aja na milu mring sun | sanakira sadaya angling | yèn ana karsanira | kang mawa pakewuh | nadyan praptaa ngantaka | sanakira kabèh padha anglabuhi | amalês ing sihira ||
09.021 Untung angling sun tarima kang sih | prasêtyane sanak-sanak ingwang | sun jaluk gêgaman bae | lan sêga ikang agung | lawan kinang dipun agêlis | lawan sira atêrna | ingsun nuli bangsul | wong sanakira agêpah | anggawani kêris pêdhang lamêng cundrik | suduk lawan talêmpak ||
28–29 dari 323