Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 59
27–28 dari 323
268–277 dari 3.223
9. Dhandhanggula
09.001 nahan ingkang kawarna ing tulis | Kapitan Êmur ing Batawiyah | adarbe têtukon rare | pan umur pitung taun | duk tinumbas saking ing Bali | apêkik warnanira | Kapitan Mur iku | salaminira atumbas | maring rare kapitan untunge prapti | adagang myang lungguhnya ||
09.002 munggah mayor nuli komasaris | tan alama munggah idlèr rolas | adagang akèh untunge | dadya sugih kalangkung | angluwihi sasami-sami | idêlèr wus rumasa | ing jro manahipun | yèn rare marganing bêgja | wus ingangkat anak sinungan kêkasi[1] | Si Untung wastanira ||
09.003 sakarsane idlèr anuruti | liwat ingugung sapolahira | alawas sakèh umure | mêpêg birainipun | warnanira saya apêkik | Idlèr Mur darbe anak | èstri nyonyah ayu | umur gangsal wêlas warsa | lan Ki Untung kinadangakên sayêkti | siyang dalu tan pisah ||
09.004 nanging nyonyah rêmêne kapati | mring Ki Untung ing alama-lama | wantu padha biraine | dadya alambangsantun | pawèwèhe lir toya mili | barang kang jinaluka | nyonyah ikang asung | nanging Ki Untung tan arsa | simpên dunya [[f. 26r]] pan ora anêdya sugih | kinarya kapênêdan ||
09.005 iya padha budhaking Kumpêni | pinasanak agung winewehan | apa sukane atine | dunyane Idlèr Êmur | ingulêran ing siyang latri | nanging datan kinarya | kasugihanipun | winutahakên ing kathah | pra sanake sadaya dipun warêgi | lumintu sabên dina ||
09.006 budhak Kumpêni akèh wong Bali | miwah Bugis ikang pinasanak | mring Ki Untung dahat sihe | watara wolung puluh | pra sanake kang dèn bêciki | wus katrêsnan sadaya | tunggal lamun muwus | apa kang sun walêsêna | mring Ki Untung manawa amanggih kardi | sun walês ing pralaya ||
09.007 lawas-lawas dadya angawruhi | Idlèr Êmur dunyane kèh ilang | myarsa kalamun anake | akirda lan Ki Untung | dunya akèh kang dèn ulêri | maring anake nyonyah | kalintang ingugung | kacihna gyanira kirda | duk cinêkêl Ki Untung dèn jêmalani | rinangkèt madya pêjah ||
09.008 nanging[2] datan sawala ing kapti | asambat mintak ampun kewala | Idlèr Mur angrês atine | prapta apuranipun | lawas-lawas pan ora mari | karone wus katrêsnan | nyonyah lan Ki Untung | sêmana wikan piyambak | Idlèr Êmur dènnya kirda pukul kalih | nèng gêdhong pajungutan ||
09.009 idlèr lintang gusar trêsnya ting |[3] glis cinêkêl Ki Untung sêmana | tinaruk bêlokan gêdhe | nyonyahira sinapu | madya pêjah Untung winarni | kang anèng pabêlokan | kathah rewangipun | watara ana sawidak [[f. 26v]: sawi...dak] | punjul dhuwa ya ta ing alami-lami | Ki Untung aris mojar ||
09.010 sarwi gumuyu dènira angling | maring sakèh kang anèng bêlokan | sanak-sanak ingsun kabèh | lah paran karêpipun | nora nana kang duwe budi | rèhning padha lêlaran | rewangya sumaur | Untung wus sira mênênga | kamangkara wong anèng bêlokan wêsi | ginêdhong tinutupan ||
27–28 dari 323

 


1 kêkasih. (kembali)
2 Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu cecak. (kembali)
3 Kurang satu suku kata: idlèr lintang gusar trêsnanya ting. (kembali)