Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9–10 dari 59
31 dari 323
301–310 dari 3.223
| 09.034 | kang satêngah padha ngait-ait | amrih rewang Wêlănda sêmana | akèh kang minggat budhake | miwah têtukonipun | sira Untung kawarna malih | nèng bètèng alang-alang | ngalumpuk wong satus | samapta gêgamanira | kacarita bètèng alang-alang dhingin | kalane maksih wana || |
| 09.035 | asakeca gyanira mirangti | Untung anèng bètèng alang-alang | lawan wong satus rewange | kangambil[1] panganipun | mung Ki Untung kang wira-wiri | malêbu maring praja | lakune anyamur | ngwong akèh tan ana wikan | cinarita patrême sarwi dèn tarik | kawor suruh candhikan || |
| 09.036 | yèn kapapag Wêlănda nèng margi | siji loro kinêbyok ing sêdhah | cêcandhikan pirangtine | sabên ana kapêthuk | ing Wêlandi kinêbyok mati | yèn wayah wising asar | tintrim ing marga gung | sabên dina pan mangkana | lawas-lawas kauningan ing Kumpêni | Ki Untung solahira || |
| 09.037 | nulya pinarantèn ing Kumpêni | wayah satêngahe pukul lima | binarisan ing margane | mirangti tan kadulu | pinakanan Wêlănda siji | Ki Untung duk sêmana | anujoni langkung | mulih saking jroning praja | mulat ana Walanda siji nèng margi | aglis sinabêt sêdhah || |
| 09.038 | kapisanan kang baris udani | aglis mêdal Ki Untung lumalya | binarondong bêdhil akèh | cinêgat ing ngarsèku [[f. 29v]] | Untung mingêr cinêgat malih | narajang saking kiwa | kang kinêbyok lampus | anêmpuh bari lumajar | wong Wêlănda kalih wêlas ingkang mati | kopral mati satunggal || |
| 09.039 | gumarudug Kumpêni bêdhili | mring Ki Untung sarya sinurakan | dèn bêbujung saparane | bètèng lang-alang rawuh | rewangira Ki Untung myarsi | bêndhil[2] awor lan surak | saksana andulu | Wêlănda kathah kang prapta | ambêbujung mring Untung sarya bêdhili | wong satus parêng mêdal || |
| 09.040 | ngamuk rampak nêmpuh parêng ngukih | tandangira kadya saradula | Kumpêni akathah longe | ingoyok ing wong satus | nora kobêr ngisèni bêdhil | tumpês kang pitung dasa | mung kari têtêlu | lumayu maring nêgara | sapraptane bilang mring para Rat Fêni | katur durnadur jendral || |
| 09.041 | yèn Wêlănda akèh ingkang mati | Untung abaris bètèng lang-alang | angamuk akèh rewange | tan kawarna ing dalu | injing baris sagung Kumpêni | Ambon Bugis Mêkasar | Sambawa Malayu | Bali barise tinata | ambêlabar Amral ingkang anindhihi | lawan mayor sakawan || |
| 09.042 | tambur gumuruh suling lan bèri | nuli budhal sagunging gêgaman | praptèng alang-alang bètèng | kawarnaa Ki Untung | amiyarsa Kumpêni prapti | atari ngrewangira | kabèh ngajak ngamuk | tan ana ingkang salaya | sarewange ajangji parêng ngêmasi | tan anolèh ing wuntat || |
| 10. Pangkur | |
| 10.001 | Kumpêni [[f. 30r]] awas umulat | yèn Ki untung mêdal anata baris | Amral angabani gupuh | Kumpêni sigra mangsah | angêdrèli swarane lir wrawata[3] rug | pêtêng kukusing sundawa | Ki Untung sigra ngabani || |
31 dari 323
| 1 | kang ngambil. (kembali) |
| 2 | bêdhil. (kembali) |
| 3 | prawata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.1.5). Bandingkan: gunung (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.1.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.3.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.1.5). (kembali) |