Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 59
2–3 dari 323
15–24 dari 3.223
01.015 wus sinung aran ingkang nêgari | Kartasura Adiningrat rannya | sang nata pangadhatone | Buda Pon dinanipun | nuju tanggal ping pitu sasi | Sakban măngsa katiga | Alif taunipun | anuju windu Sancaya | sinangkalan jatha sirna rêtu bumi |[1] dadining Kartasura ||
01.016 cinarita natarsa nimbali | mring kang rayi Susuhnan Ngalaga | kang ngadhaton ing Palèrèd | Pangalasan ingutus | sigra mintar nahan winarni | kang angrêbut Mataram | Natèng Ngalagèku | ri sêdhêngira siniwa | pagêlaran kang munggèng ngarsa nêrpati | sirarya Măndhalika ||
01.017 lan Pangeran Natakusumèki | jajar lawan Radèn Natabrata | catur prawara jangkêpe | ingkang aran Tumênggung | Gajahingpramada wus nangkil | aglar pratiwanira | rănggarya supênuh | dêmang tăndha kêndhuruan | ăndhamoi sadaya samya sumiwi | akram ing panangkilan ||
01.018 Dêmang Kalêng lawan Jagawèsthi [[f. 6r]: Jagawè...sthi] | abdi dalêm Arya Tambakbaya | lan Surajaya jajare | Răngga Tanpulas ngayun | lawan Tanpanaha Ngabèi | Ki Arya Măndhalika | manêmbah umatur | wartine raka paduka | sampun madêg narendra mêngsah kajodhi | pun Trunajaya pêjah ||
01.019 bala sabrang pan awarni-warni | malih wartine ingkang satêngah | Walandi Amral wastane | amindha ngaku-aku | andarbèni ing tanah Jawi | sang nata angandika | apa yêktinipun | iya dudune kakang mas | Măndhalika umatur saha wotsari | dedene raka tuwan ||
01.020 panganggene pan kadya Walandi | lawan akula-kuli lan kofar | inggih punika dedene | kang rapêt yêktosipun | lamun raka paduka aji | nênggih abdine lama | sadaya tut pungkur | wong kadipatèn sadaya | samya ngiring miwah punggawa pasisir | samya suyud sadaya ||
01.021 langkung èmêng tyasira sang aji | myarsa ature Ki Măndhalika | ngandika ing punggawane | poma aja na tungkul | samaptaa praboting jurit | mênèk kinamadaka[2] | si Amral kang rawuh | anggawa bala Wêlănda | angragadha ngukuhi ing tanah Jawi | pasthi sun antêp ing prang ||
01.022 nadyan silih kakang mas dipati | yèn tan amrih arjaning nagara | anuruti suruhane | amriha rusakipun | tan angeman ing wadya alit | upama mêngkonoa | desa akèh lêbur | ing sambatane kakang mas | sun tan awèh sun rewangi labuh [[f. 6v]] pati | lêbur lan wong sa-Jawa ||
01.023 kaya dudu kakang mas dipati | dene wartane khaji mring Mêkah | mêngko mêngkono jêbule | dadi Wêlănda iku | anglampahna têlik kang bêcik | dèn waspada ing tingal | aja salang surup | kalamun dudu kakang mas | nora wurung ingsun maguta prang sabil | amrih marga sawarga ||
01.024 lagi eca dènnya gunêm kawis | kasaru duta kang lagya prapta | dumêrojog ing ngarsa ge | atur srat sang aprabu | tampi agya anupiksani | pèngêt bukaning surat | salam donganingsun | Kangjêng Susunan Mêngkurat | Senapati Ngalaga saha Sayidin | Panata Ingagama ||
2–3 dari 323

 


Tanggal: Buda (Rêbo) Pon pitu (7) Sakban (Ruwah) Alif (Alip): jatha sirna rêtu bumi (AJ 1603). Tanggal Masehi: Senin 2 September 1680. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1603, hari Rêbo Pon jatuh pada tanggal 16, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Rêbo Pon 16 Ruwah AJ 1603 (Rabu 11 September 1680). Lihat juga: tri sirna rêtuning jagat (AJ 1603) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 98.13.8). Tanggal ini mengacu pada pendirian resmi keraton Kartasura oleh Amangkurat II, setelah kehancuran istana Mataram di Plered. Kartasura diberi nama "Kartasura Adiningrat" dan menjadi pusat kekuasaan baru. (kembali)
kinamandaka. (kembali)