Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 59
3–4 dari 323
22–31 dari 3.223
01.022 nadyan silih kakang mas dipati | yèn tan amrih arjaning nagara | anuruti suruhane | amriha rusakipun | tan angeman ing wadya alit | upama mêngkonoa | desa akèh lêbur | ing sambatane kakang mas | sun tan awèh sun rewangi labuh [[f. 6v]] pati | lêbur lan wong sa-Jawa ||
01.023 kaya dudu kakang mas dipati | dene wartane khaji mring Mêkah | mêngko mêngkono jêbule | dadi Wêlănda iku | anglampahna têlik kang bêcik | dèn waspada ing tingal | aja salang surup | kalamun dudu kakang mas | nora wurung ingsun maguta prang sabil | amrih marga sawarga ||
01.024 lagi eca dènnya gunêm kawis | kasaru duta kang lagya prapta | dumêrojog ing ngarsa ge | atur srat sang aprabu | tampi agya anupiksani | pèngêt bukaning surat | salam donganingsun | Kangjêng Susunan Mêngkurat | Senapati Ngalaga saha Sayidin | Panata Ingagama ||
01.025 dhawuha maring ari Dipati | Pugêr ingkang wus umadêg nata | kang ngadhaton ing Palèrèd | sah salam donganingsun | awèh wêruh ing sira yayi | mungsuhira wus sirna | Trunajaya lampus | bala gêmpang ing payudan | ingsun yayi nora mulih mring Matawis | ngadhaton bumi Pajang ||
01.026 alas Wanakarta sun bakali | sira yayi dèn inggal praptaa | sun antèni dandan praje | ayasaa kêdhatun | titi punang surat nata ngling | duta sira muliha | sun pikir karuhun | lan para punggawaningwang | risang duta nêmbah lèngsèr praptèng jawi | ulihe sêsandêran ||
01.027 saungkuring duta gunêm kawis | Natèng Ngalaga nari punggawa | kabèh kaya pa karêpe | dangu tan [[f. 7r]: ta...n] ana matur | punggawane kewran ing ati | sigrarya Măndhalika | manêmbah umatur | tan eca rasaning manah | bokmanawi guna-gunaning Kumpêni | sagêda mindha-mindha ||
01.028 Pangran Natakusuma tur bakti | yèn suwawi anggèr dawêg seba | mokhal lamun gawe-gawe | dening pasisir suyud | yèn dedea rakanta yêkti | wontêna malih tingal | Măndhalika matur | yêktine warna Wêlănda | bilih-bilih guna-gunaning Kumpêni | tan kêna linambanan ||
01.029 angandika sang sri narapati | paman Natakusuma sun duta | lawan Si Natabrata ge | dèn waspada ing dulu | aja kêna kêdhaping aksi | kalih matur sandika | nêmbah lèngsèr mêtu | Pangeran Natakusuma | lawan Radèn Natabrata praptèng jawi | budhal sawadyanira ||
01.030 nahan ingkang kawarnaa malih | dutaning Nata Prabu Mêngkurat | Pangalasan duk praptane | ngarsanira sang prabu | manganjali aturira ris | patikbra tur pratela | rita[1] narpa Prabu | Ngalaga mangun wibawa | datan arsa sumiwèng paduka aji | sampun amêngku pura ||
01.031 andikanipun arinta wadi | kawula pan kinèn rumuhuna | pinikir wingking sandine | èmêng tyasira prabu | nahan gantya winarna malih | duta kalih Kalagan | Kartasura rawuh | sang nata sêdhêng sineba | pagêlaran andhèr pra nayaka jawi | akram pratiwanira [[f. 7v]: prati...wanira] ||
3–4 dari 323

 


rinta (dan di tempat lain). (kembali)