Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
10 dari 59
33–34 dari 323
324–333 dari 3.223
| 10.015 | bêkta wadya kajinêman | satus kèhe sikêp pêdhang lan tamsir | waos lêmbing lawan tulup | lumampah anèngarsa[1] | lampahira ing wanadri agya rawuh | arèrèn pinggiring marga | kang liwat prasamya ajrih || |
| 10.016 | wadyane nèng kèri kanan | kawarnaa Ki Untung ikang prapti | Carêbon talatahipun | lumampah anèng wana | tan kêna sah lan rewange patang puluh | kawarnaa Surapatya | mulat ing wong ting kulicir || |
| 10.017 | kang dèn iring rare pelag | Surapati asru mojar ing dasih | lah andhêgên kang lumaku | ingsun arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsaningsun | kang kinèn agya lumampah | angundang ingkang lumaris || |
| 10.018 | hèh bagus dika ngandikan | maring Radèn Surapatyarsa panggih | Ki Untung sigra lumaku | prapta ing ngarsanira | Surapati sarewangira Ki Untung | nèng wuri sami alênggah | Ki Surapati ling aris || |
| 10.019 | ki adhi basa manira | sira iki iya wong têka ngêndi | paran kang arsa jinujug | lan sapa kang sinambat | alon matur wasta kawula pun Untung | têtiyang saking Jakêrta | nênggih budhaking Kumpêni || |
| 10.020 | ing kesah kawula minggat [[f. 31v]: ming...gat] | siniyasat kawula ing Kumpêni | angungsi panêdyaningsun | dhatêng gusti jêng sultan | bokmanawa jêng sultan sagêda ngukup | ing wong mindha kawlasarsa | kawula sêdya angabdi || |
| 10.021 | Surapati linging driya | rare iki sun watara ing ati | kaya wijiling wong agung | dudu trahing wong rucah | pan katara ing solah pasanging sêmu | yèn katura ing jêng sultan | amasthi dipun kasihi || |
| 10.022 | dhasar gustiningsun sultan | karêmêne wong pêkik kang alungid | kang prawira rahaywèku | miwah kang kaduk sura | yèn katura ing sultan amathi[2] ingsun | kalungsur lêlungguh ingwang | dadya Surapati angling || |
| 10.023 | hèh adhi peling manira | ing Carêbon iki nêgari alit | nanging angkêre kalangkung | yèn sira manjing praja | lah tinggalên tumbak kalawan kêrismu | tanapi sarewangira | aja na anganggo kêris || |
| 10.024 | yèn ta nora mangkanaa | nora bisa sira manjing nêgari | lah mara kabèh baturmu | padha badhugulana | gêgamanmu kabèh aturna maringsun | manira ikang ngirida | lèhira manjing nêgari || |
33–34 dari 323
| 1 | anèng ngarsa (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | amasthi. Bandingkan: amêsthi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.23.5); pasthi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.22.5); pêsthi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.24.5). (kembali) |