Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 59
31–32 dari 323
310–319 dari 3.223
10. Pangkur
10.001 Kumpêni [[f. 30r]] awas umulat | yèn Ki untung mêdal anata baris | Amral angabani gupuh | Kumpêni sigra mangsah | angêdrèli swarane lir wrawata[1] rug | pêtêng kukusing sundawa | Ki Untung sigra ngabani ||
10.002 ing rewange sarêng mangsah | ngamuk rampak nusup kukusing bêdhil | baris Makasar anglambung | Untung sarewangira | ngamuk nêngah kang katrajang panggah rêmpu | wong satus lir singa lodra | pangamuke ngoyok wani ||
10.003 ngiwad-ngiwud ambêk pêjah | mwong[2] Makasar tumpês arang kang urip | Bugis Sambawa têtulung | tinêmpuh têtumpêsan | nanging buri Wêlănda saya kèh rawuh | Ki Untung sarewangira | pangamuke wuru gêtih ||
10.004 mimis tibane lir udan | ing paprangan Untung wignya ing jurit | prawira sura atêguh | nanging sangêt karoban | awasana rewange akathah tatu | Kumpêni akathah pêjah | wangke wor susun atindhih ||
10.005 sadina gènira aprang | rewangira Ki Untung akèh mati | sawidak lawan kang tatu | mung kari kawan dasa | sapih sayah kang aprang kasaput dalu | Kumpêni mundur sadaya | mulih maring jro nagari ||
10.006 Ki Untung kang kawarnaa | saundure pagunêman ing latri | ana ingkang rada sêpuh | Ki Êbun wastanira | aris mojar kabèh sanak-sanak ingsun | kayaparan budinira | rewange kabèh nauri ||
10.007 ingsun tan duwe rêmbag |[3] saparane Ki Untung sun tut wuri | mati urip aja kantun | Ki Êbun aris mojar | mring Ki Untung [[f. 30v]] lamun rêmbug pikir ingsun | yèn manggunga papêrangan | pira kuwating wong kêdhik ||
10.008 amungsuh wong sanêgara | yèn arêmbug lah nêdha padha ngungsi | Ki Untung aris sumaur | apa sakarsanira | lah ing ngêndi kang yoga dèn ungsi besuk | Ki Êbun aris lingira | ing Carêbon kang prayogi ||
10.009 Sultan Carêbon manawa | ingusenan[4] kawawa angukuhi | Ki Untung kalangkung rêmbug | dalu gènira budhal | ngidul ngetan arahe anjog Cianjur | wong kawan dasa tan pisah | nahan gantia winarni ||
10.010 Kumpêni saundurira | dènira prang dalu angati-ati | sangkêp ingkang baris tugur | sajroning pintu bêsar | mriyêm tiktak pinasang madhêp ing pintu | ing dalu datan kawarna | ya ta kawarnaa enjing ||
31–32 dari 323

 


prawata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.1.5). Bandingkan: gunung (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.1.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.3.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.1.5). (kembali)
wong (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.3.2). (kembali)
Kurang satu suku kata: ingsun datan duwe rêmbag. Bandingkan: tan ana kang darbe rêmbag (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.9.1); tan ana adarbe rêmbag (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.7.1); manira tan darbe sêdya (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.9.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.9.1). (kembali)
ingungsenan. (kembali)