Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 59
35–36 dari 323
343–352 dari 3.223
10.034 Ki Surapati lumalya | sêdyanira awêwadul ing gusti | ingkang kawarna Ki Untung | rewange ikang bubar | nulya prapta sadaya sami angrubung | angungun ing polahira | Ki Untung dipun tangisi ||
10.035 sakathahe rewangira | padha angling paran rêmbugirèki | dawêg animpang dalanggung | manawa binalenan | mring kang begal Ki Untung alon amuwus | lah iku kang ora-ora | sêdya bêcik nêmu bêcik ||
10.036 ingsun wong nêdya raharja | saparane yêkti nêmu basuki | gya laju sarewangipun | anut malêbèng praja | kawarnaa Surapati kang lumayu | sapraptanira jro praja | lajêng tumamèng ing puri ||
10.037 jêng sultan lagya pinarak | Surapati munggèngarsa tur bêkti | kawula anuwun bêndu | angunjukakên tiwas | abdi dalêm gusti akathah kang lampus | binegal anèng ing wana | dening ingkang mêndhêt kardi ||
10.038 têtiyang saking Jakrêta | maksih rare warnanipun apêkik | pun Untung kêkasihipun | kêdah manjing ing praja | anut wingking kawula kadya mèh rawuh | sultan aris angandika | gandhèk konên animbali ||
10.039 sawusira kadhawuhan | wong anggandhèk mintar wus winawêling | Ki Untung nulya kapêthuk | jabaning galedhegan | caraka ngling hèh sira kang aran Untung | aglis ngandikan ing sultan | sun irid maring jro puri ||
10.040 Ki Untung matur [[f. 33r]] sandika | gya lumampah kabèh kari ing jawi | amung Ki Untung kang mangsuk | sapraptanira ngarsa | atur sêmbah sultan angandika arum | mulane sira sun undang | Untung maring ngarsa mami ||
10.041 sun atakon maring sira | awêcaa sira ingkang sayêkti | têkamu nêgaraningsun | paran kang sira sêdya | awêkcaa Ki Untung mangrêpa matur | manêmbangh[1] sêdya kawula | pukulun angungsi urip ||
10.042 sultan aris angandika | maring Untung ingsun atekon maning | wong pira kabèh baturmu | Ki Untung matur nêmbah | inggih amung kawan dasa kathahipun | sultan angripta ing driya | ngandika mring Surapati ||
10.043 sultan mangkana lingira | iya uga alane Surapati | dora ature maringsun | tanna wong kawan dasa | wani amèt gawe ambegal wong satus | dening ingsun êla-êla | satêmah anênukêri ||
35–36 dari 323

 


1 manêmbah. (kembali)