Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 59
37–38 dari 323
364–373 dari 3.223
10.055 nêngêna ingkang wus lêpas | kawarnaa Kumpêni kang nututi | kandhêg anèng ing Cianjur | samya abêbarisan | wong Kumpêni sampun myarsa wartinipun | yèn Ki Untung ngalor ngetan | sarewangira angiring ||
10.056 ajrih lamun nututana | adoh-adoh dening wus padha uni | ing tandangira Ki Untung | dadya kandhêg Pasundhan | wong Pasundhan Prayangan sadaya kupul[1] | kinêrig abêbarisan | nèng Cianjur tugur margi ||
10.057 Kumpêni parentahira | lamun ana wong liwat kèn aniti | jangkêp wong sanga sapuluh | lamun tanpa dandanan | kèn anyêkêl manawa bature Untung | yèn dudu lakuning dagang | pinêpêt kang mring Batawi ||
10.058 Kumpêni anulya bubar | mulih ikang tinilar pacak baris | wong Sundha Prayangan tugur | abaris anèng marga | yèn ta dèrèng karuwan gène Ki Untung | Kumpêni parentahira | aja bubarakên baris ||
10.059 nahan ganti kawarnaa | lampahira Rahadèn Surapati | Pamalang gepak mangidul | praptèng tanah Toyamas | rèrèn desa Ngajibarang wastanipun | ing Ngajibarang punika | patingginipun kêkalih ||
10.060 nênggih sami kadangira | ikang anèm wasta Ki Saradênti [[f. 34v]: Saradê...nti] | Ki Saradênta kang sêpuh | samya anuba-nyuba[2] | mring têtamu Radèn Surapati wau | angsal kawan dasa dina | nulya akèn pacak baris ||
10.061 pan angangkat karya raja | Saradênta kalawan Saradinti[3] | kang dèn adêgakên ratu | wus angêlar jajahan | kanan kèri ing Ngajibarang sumuyud | seba maring Saradênta | tan ana anglawan jurit ||
10.062 yèn ana kang arsa băngga | glis ginêcak marang Ki Bun Jaladri | ajrih kang kari sumuyud | andadi barisira | amung kari jro kutha kang dèrèng cundhuk | ki tumênggung ing Toyamas | mêksih angawali jurit ||
10.063 mêmpên anèng jro nagara | ki tumênggung panggah gènira baris | nèng Kali Jirak kêkuwu | wong sawetan Toyamas | Panjêr Rema Pamardèn barise kumpul | Bun Jaladriya kawarna | ratune wus dèn pondhongi ||
10.064 maring kuthanira anyar | angadhaton Narendra Saradênti | Radèn Surapati wau | mongmong kang putra-putra | Bun Jaladri kang dadi mênggalanipun | wus agêng gêgamanira | mêngkana ikang winarni ||
37–38 dari 323

 


1 kumpul. Bandingkan: akumpul (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.56.5). (kembali)
2 anyuba-nyuba (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.60.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.60.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.59.4). Bandingkan: angupasuba (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.55.4). (kembali)
3 Saradênti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.61.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.56.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.61.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.60.2). (kembali)