Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
10–11 dari 59
38–39 dari 323
376–385 dari 3.223
| 10.067 | apadene [[f. 35r]: apade...ne] ratunira | awadêna ingsun lunga anêpi | marang ing pasisir kidul | nanging wawêkas ingwang | lamun ana ing benjang utusan ingsun | sarta gawa singsim ingwang | ratumu cêkêlên aglis || |
| 10.068 | sira gawaa bêbandan | poma bapa sira dèn ngati-ati | Bun Jaladriya lon matur | inggih dhatêng sandika | lan maninge bapa aja sira gupuh | gitik baris Kali Jirak | gitikên sapungkur mami || |
| 10.069 | sawusira apitungkas | nulya mangkat Rahadèn Surapati | wayahira têngah dalu | saking tanah Toyamas | datan pisah sarewangira rongpuluh | andarung lampahe ngetan | samarga angaji krami || |
| 10.070 | asring mampir padhusunan | Surapati angaji tatakrami | sandine anjaluk sêkul | ngingoni ngrewangira | dadya randhat nèng marga samadya tèngsu | datan kawarna sêmona | prapta ing Kartasurènjing || |
| 10.071 | Surapati sarewangya | rangu-rangu sipêng anèng ing Piji | gènira angaji tutur | wong manjing ing nagara | sêsikune lan malih ingkang jinujug | kang aglis katur ing nata | wus atas dènira ngaji || |
| 10.072 | kinèn umarêk ing patya | yèn andika amrih katur ing aji | puniku lêlurung agung | Radèn Anrangkusuma | jêjuluke pêpatihira sang prabu | dawêg nuli umangkata | sang anom nulya lumaris || |
| 11. Sinom | |
| 11.001 | ingkang sinêdya ing driya | sira Radèn [[f. 35v]: Ra...dèn] Surapati | marêk ing radèn apatya | datan kawarna ing margi | lampahira glis prapti | jujug paregolanipun | sigra atur uninga | wau kang atêngga kori | lamun ana wong prapta arsa sumiwa || |
| 11.002 | aglis sira ingandikan | ing radèn rêkyana patih | Ki Surapati wus prapta | ing ngarsanira wotsari | ya ta radèn apatih | rêsêp ing manah andulu | aris kang pangandika | sira wong têka ing ngêndi | mulanira lan sapa wêwanginira || |
| 11.003 | Ki Surapati turira | tan emut sangkaning alit | dening papa alit mila | awasta pun Surapati | sêdya kawula ngabdi | dhatêng gusti kang sinuhun | lan malihe kawula | punika angungsi urip | dèn niaya kawula dening pun kofar || |
| 11.004 | inggih manawi sumêla | ing galih sri narapati | upami badan kawula | tinêdha dhatêng Kumpêni | dados hrune pun kafir | dipun patêdhakna gupuh | nanging panuhun ămba | sagung abdi dalêm jawi | sampun wontên kang tumut kewala |[1]| |
38–39 dari 323
| 1 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: sampun wontên kang tumut-tumut kewala (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.4.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.4.9); sampun wontên tumut-tumut magut yuda (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.4.9). (kembali) |