Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10–11 dari 59
38–39 dari 323
379–388 dari 3.223
10.070 asring mampir padhusunan | Surapati angaji tatakrami | sandine anjaluk sêkul | ngingoni ngrewangira | dadya randhat nèng marga samadya tèngsu | datan kawarna sêmona | prapta ing Kartasurènjing ||
10.071 Surapati sarewangya | rangu-rangu sipêng anèng ing Piji | gènira angaji tutur | wong manjing ing nagara | sêsikune lan malih ingkang jinujug | kang aglis katur ing nata | wus atas dènira ngaji ||
10.072 kinèn umarêk ing patya | yèn andika amrih katur ing aji | puniku lêlurung agung | Radèn Anrangkusuma | jêjuluke pêpatihira sang prabu | dawêg nuli umangkata | sang anom nulya lumaris ||
11. Sinom
11.001 ingkang sinêdya ing driya | sira Radèn [[f. 35v]: Ra...dèn] Surapati | marêk ing radèn apatya | datan kawarna ing margi | lampahira glis prapti | jujug paregolanipun | sigra atur uninga | wau kang atêngga kori | lamun ana wong prapta arsa sumiwa ||
11.002 aglis sira ingandikan | ing radèn rêkyana patih | Ki Surapati wus prapta | ing ngarsanira wotsari | ya ta radèn apatih | rêsêp ing manah andulu | aris kang pangandika | sira wong têka ing ngêndi | mulanira lan sapa wêwanginira ||
11.003 Ki Surapati turira | tan emut sangkaning alit | dening papa alit mila | awasta pun Surapati | sêdya kawula ngabdi | dhatêng gusti kang sinuhun | lan malihe kawula | punika angungsi urip | dèn niaya kawula dening pun kofar ||
11.004 inggih manawi sumêla | ing galih sri narapati | upami badan kawula | tinêdha dhatêng Kumpêni | dados hrune pun kafir | dipun patêdhakna gupuh | nanging panuhun ămba | sagung abdi dalêm jawi | sampun wontên kang tumut kewala |[1]|
11.005 dening Kumpêni punika | kapanggiha siyang latri | pan inggih purun kawula | sagêndhingipun ajurit | sira rahadèn patih | miyarsa suka ing kalbu | aris kang pangandika | lah iya aja kuwatir | pan manira kang matur maring sang nata ||
11.006 mangkana Ki Surapatya | sinung panggonan tumuli | kalangkung ingupasuba | ing radèn rêkyana patih | kinadang-kadang yêkti | ingandikan sabên dalu | nahan kang kawarnaa | sira Prabu Saradênti | wau ingkang [[f. 36r]: ing...kang] mandhirèng bumi Toyamas ||
11.007 wus amukti awibawa | gêgamanira andadi | kang abaris Kali Jirak | Tumênggung Toyas nênggih |[2] apan sampun ginitik | Bun Jaladriya kang magut | tumênggung ing Toyamas | rusak wonge akèh mati | tan kawawa ki tumênggung wus lumalya ||
38–39 dari 323

 


Kurang dua suku kata. Bandingkan: sampun wontên kang tumut-tumut kewala (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.4.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.4.9); sampun wontên tumut-tumut magut yuda (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.4.9). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: Tumênggung Toyamas nênggih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.7.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.7.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.7.4). (kembali)