Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 59
32–33 dari 323
316–325 dari 3.223
10.007 ingsun tan duwe rêmbag |[1] saparane Ki Untung sun tut wuri | mati urip aja kantun | Ki Êbun aris mojar | mring Ki Untung [[f. 30v]] lamun rêmbug pikir ingsun | yèn manggunga papêrangan | pira kuwating wong kêdhik ||
10.008 amungsuh wong sanêgara | yèn arêmbug lah nêdha padha ngungsi | Ki Untung aris sumaur | apa sakarsanira | lah ing ngêndi kang yoga dèn ungsi besuk | Ki Êbun aris lingira | ing Carêbon kang prayogi ||
10.009 Sultan Carêbon manawa | ingusenan[2] kawawa angukuhi | Ki Untung kalangkung rêmbug | dalu gènira budhal | ngidul ngetan arahe anjog Cianjur | wong kawan dasa tan pisah | nahan gantia winarni ||
10.010 Kumpêni saundurira | dènira prang dalu angati-ati | sangkêp ingkang baris tugur | sajroning pintu bêsar | mriyêm tiktak pinasang madhêp ing pintu | ing dalu datan kawarna | ya ta kawarnaa enjing ||
10.011 tambur gumuruh sauran | pan kinêrig sagung wong sa-Batawi | budhal ing marga sêk pênuh | wadya awarna-warna | praptèng bètèng alang-alang manggih suwung | Amral amatah kapitan | ikang kinèn anututi ||
10.012 lan wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu kang tinuding | agya budhal lampahipun | gawa bala sanambang | Mayor Bantêr Kumpêni têtindhihipun | ngidul ngetan nut salasah | samarga angati-ati ||
10.013 ganti ikang kawarnaa | sira Untung sarewange lumaris | sapraptanira Cianjur | lajêng angalor ngetan | ing Carêbon ingkang sinêdya jinujug | tan winarna lampahira | Sultan Carêbon [[f. 31r]: Carêbo...n] winarni ||
10.014 darbe abdi kinasihan | wastanira Rahadèn Surapati | sultan sihira kalangkung | tansah ingêla-êla | ingapura anêrak larangan agung | mangkana Ki Surapatya | bêburu maring wanadri ||
10.015 bêkta wadya kajinêman | satus kèhe sikêp pêdhang lan tamsir | waos lêmbing lawan tulup | lumampah anèngarsa[3] | lampahira ing wanadri agya rawuh | arèrèn pinggiring marga | kang liwat prasamya ajrih ||
10.016 wadyane nèng kèri kanan | kawarnaa Ki Untung ikang prapti | Carêbon talatahipun | lumampah anèng wana | tan kêna sah lan rewange patang puluh | kawarnaa Surapatya | mulat ing wong ting kulicir ||
32–33 dari 323

 


Kurang satu suku kata: ingsun datan duwe rêmbag. Bandingkan: tan ana kang darbe rêmbag (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.9.1); tan ana adarbe rêmbag (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.7.1); manira tan darbe sêdya (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.9.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.9.1). (kembali)
ingungsenan. (kembali)
anèng ngarsa (dan di tempat lain). (kembali)