Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 59
40–41 dari 323
399–408 dari 3.223
| 11.018 | agya dènira putusan | ing panakawan kêkalih | binaktan sêsupenira | tan kawarna wus apanggih | lawan Ki Bun Jaladri | sampun atanggap ing sêmu | mangsiti rewangira | samapta busanèng jurit | sabature kang saking nagri Jakarta || |
| 11.019 | sadaya sampun sanega | sigra Bun Jaladriyèki | mangakt seba ngratunira | sapraptanira ing puri- | nira Ki Saradênti | pan lagi angadu sawung | anèng paseban jaba | ingayap ing para cèthi | kagèt mulat praptane Bun Jaladriya || |
| 11.020 | aglis dènira anapa | sira Prabu Saradênti | ing kene dèn maring ngarsa | apa wartane ing Jawi | baya ta ana kardi | dening agupuh malêbu | sira Bun Jaladriya | gupuh dènnya marêpêki | angêjèpi wau maring rewangira || |
| 11.021 | tinubruk saking ngiringan | sira Prabu Saradênti | anjola sampun binănda | tanapi Saradêntèki | sigra ginawa mijil | Bun Jaladriya glis laju | marang ing Kali Jirak | tan adangu nulya prapti | sampun katur maring Radèn Surapatya || |
| 11.022 | yèn ratune wus kabănda | suka Radèn Surapati | sigra pinocok sêkala | utamangganira kalih | kuthane dèn obongi | jinarah bêrananipun | èstrine binoyongan | solahe datan winarni | sira Radèn Surapati nulya budhal || |
| 11.023 | saking nagari Toyamas | datan kawarna ing margi | wus prapta [[f. 37v]: pra...pta] ing Kartasura | katur dhatêng sri bupati | ratu kraman wus mati | pan tinigas murdanipun | sang nata langkung suka | murda pinanjêr tumuli | sira Radèn Surapati wus ginanjar || |
| 11.024 | arta kalawan busana | suka Radèn Surapati | dening angrasa katrima | karyane marang sang aji | saya agêng kang galih | Radèn Surapati wau | kandêl pangabdinira | angrasa lamun angsal sih | pan akathah ganjaranira sang nata || |
| 11.025 | anèng Kanêrangkusuman | wus sinungan panti malih | Surapati sarewangya | cinadhong ing siyang latri | dening rahadèn patih | ngupasubane kalangkung | marang Ki Surapatya | ing antara lami-lami | kapiyarsa saking nagri Batawiyah || |
| 11.026 | yèn Ki Untung wus karuwan | sarewangira angabdi | maring Prabu Kartasura | malah wus silih kêkasih | aran Ki Surapati | ya ta wau kang winuwus | samya ngangkat bicara | sagung nayaka Kumpêni | pinanggilan ing sira durnadur jendral || |
| 11.027 | miwah Idlèr Mur pamungkas | pêpêkang[1] para Rat Pêni[2] | bicara nèng kantor bêsar | atari maring Kumpêni | sapa ta ingkang wani | anyêkêl maring Ki Untung | agêng ingkang ganjaran | sarta jinungjung lêlinggih | pra prajurit Kumpêni mopo sadaya || |
40–41 dari 323
| 1 | pêpêk kang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | Raad van Indië (dan di tempat lain). Lihat juga: Rat Fêni. (kembali) |