Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 59
40 dari 323
391–400 dari 3.223
| 11.010 | tan adangu nulya prapta | ngandika radèn apatih | ingsun adhi arsa lunga | timbalane sri bupati | ingsun kinèn agitik | maring wong umadêg ratu | anèng tanah Toyamas | sira Radèn Surapati | tur pranata radèn kenginga punika || |
| 11.011 | sampun paduka tumindak | amunga pun Surapati | angrurah mungsuh karaman | awuwuha mungsuh malih | dèrèng suda kang ati | sayêkti merang kalangkung | yèn ămba taksih gêsang | paduka tindak pribadi | suka ing tyas rahadèn patih ngandika || |
| 11.012 | yèn mêngkono karsanira | sun matur ing sri bupati [[f. 36v]: bu...pati] | sigra lumêbêt aseba | sira rahadèn apatih | prapta ing srimanganti | aglis katur ing sang prabu | sêksana ingandikan | lumêbêt ing dalêm puri | prapta ngarsa manêmbah alon aturnya || |
| 11.013 | gusti wontên palajêngan | saking nagari Batawi | pun Surapati mangaran | palajêngipun angungsi | sinikarèng Kumpêni | mila angungsi pukulun | dening ta tanpa dosa | kinuya-kuya Kumpêni | nanging mangke sagah angrurah karaman || |
| 11.014 | ikang mandhirèng Toyamas | punika sagah mêjahi | yèn suwawi rinojonga | ature pun Surapati | indah punapa gusti | yèn astu pênêd kinukup | yèn ala glis binucal | sampun nyênyukêri galih | tan aèwêd sang nata aris ngandika || |
| 11.015 | lah iya sakarêpira | măngsa bodhoa sirèki | pan ingsun uwis pracaya | marang ing sira apatih | suka ing tyas wotsari | rahadèn patih gya mêtu | sapraptane ing wisma | panggih Radèn Surapati | dhinawuhan timbalanira sang nata || |
| 11.016 | kalilan kinèn umangkat | suka Radèn Surapati | apan sampun kinanthenan | Tumênggung Toyamas nênggih | Rahadèn Surapati | samapta sarewangipun | mangkat saking ing ngarsa- | nira rahadèn apatih | sigra-sigra wus mêdal jawining praja || |
| 11.017 | ing ênu datan winarna | lampahe Ki Surapati | ing Kali Jirak wus prapta | sarewange pacak baris | kathah têtiyang prapti | ingkang sami asêsuguh [[f. 37r]: a...sêsuguh] | tarub wetan Toyamas | myarsa jajênêng nêrpati | ikang prapta ya ta Radèn Surapatya || |
| 11.018 | agya dènira putusan | ing panakawan kêkalih | binaktan sêsupenira | tan kawarna wus apanggih | lawan Ki Bun Jaladri | sampun atanggap ing sêmu | mangsiti rewangira | samapta busanèng jurit | sabature kang saking nagri Jakarta || |
| 11.019 | sadaya sampun sanega | sigra Bun Jaladriyèki | mangakt seba ngratunira | sapraptanira ing puri- | nira Ki Saradênti | pan lagi angadu sawung | anèng paseban jaba | ingayap ing para cèthi | kagèt mulat praptane Bun Jaladriya || |
40 dari 323