Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 59
41–42 dari 323
406–415 dari 3.223
| 11.025 | anèng Kanêrangkusuman | wus sinungan panti malih | Surapati sarewangya | cinadhong ing siyang latri | dening rahadèn patih | ngupasubane kalangkung | marang Ki Surapatya | ing antara lami-lami | kapiyarsa saking nagri Batawiyah || |
| 11.026 | yèn Ki Untung wus karuwan | sarewangira angabdi | maring Prabu Kartasura | malah wus silih kêkasih | aran Ki Surapati | ya ta wau kang winuwus | samya ngangkat bicara | sagung nayaka Kumpêni | pinanggilan ing sira durnadur jendral || |
| 11.027 | miwah Idlèr Mur pamungkas | pêpêkang[1] para Rat Pêni[2] | bicara nèng kantor bêsar | atari maring Kumpêni | sapa ta ingkang wani | anyêkêl maring Ki Untung | agêng ingkang ganjaran | sarta jinungjung lêlinggih | pra prajurit Kumpêni mopo sadaya || |
| 11.028 | dene ta sampun karuwan | Ki Untung prawirèng jurit | jindral langkung susah ing tyas | miwah kang para Rat Pêni | ya ta ana Kumpêni | satu wijiling wong agung | maksih lênggah kapitan | tuhu têrêhing [[f. 38r]] prajurit | bapakane kang bêdhah nagri Makasar || |
| 11.029 | Kapitan Tak wastanira | punika ingkang nanggupi | nyêkêl Ki Untung samăngsa | jindral suka ingkang ati | latah angêntrog wêntis | glis cinandhak astanipun | sira Kapitan Êtak | binêkta maring ngarsa glis | dèn wor lawan pra Rat Pêni kalih wêlas || |
| 11.030 | ngupuk-upuk linarihan | marang kang para Rat Pêni | sêsugun ing Kapitan Tak | jindral milu anglarihi | wus sinungan Kumpêni | kathahira kalih atus | sadaya pêpilihan | myang wadya Mêkasar Bugis | sigra mangkat pan sampun ginawan surat || |
| 11.031 | samya numpak ing baita | babar layar angsal angin | tan kawarna lampahira | ing laotan kang dèn jogi | Jêpara muwarèki | prapta palwanira labuh | sigra mêntas dharatan | myang sagung wadya Kumpêni | catur ari Kapitan Tak nèng Japara || |
| 11.032 | sawusira parêmbagan | wajidan agya tinuding | ambêkta surate jindral | mring Kartasura nêgari | kinanthèn mantri kalih | Japara gya lampahipun | tan kawarna ing marga | prapta ing Kartasura glis | kang jinujug Radèn Arya Sindurêja || |
| 11.033 | Radèn Arya Sindurêja | aglis tumamèng jro puri | katur ing sri naradipa | yèn surat saking Batawi | sang nata gya nupiksi | sampun kadriya kang têmbung | kagyat ing tyas narendra | dadya angandika aris | hèh Sindurja kaya nagpa karsanira || |
| 11.034 | dening ki layange jendral | anjaluk Sri Surapati | matur Ki Arya Sindurja | yèn suwawia ing [[f. 38v]] gusti | inggih pun Surapati | buroning Kumpêni tuhu | lêhêng pinaringêna | dados manahing Kumpêni | upamine paduka angukuhana || |
41–42 dari 323
| 1 | pêpêk kang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | Raad van Indië (dan di tempat lain). Lihat juga: Rat Fêni. (kembali) |