Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 59
41–42 dari 323
410–419 dari 3.223
| 11.029 | Kapitan Tak wastanira | punika ingkang nanggupi | nyêkêl Ki Untung samăngsa | jindral suka ingkang ati | latah angêntrog wêntis | glis cinandhak astanipun | sira Kapitan Êtak | binêkta maring ngarsa glis | dèn wor lawan pra Rat Pêni kalih wêlas || |
| 11.030 | ngupuk-upuk linarihan | marang kang para Rat Pêni | sêsugun ing Kapitan Tak | jindral milu anglarihi | wus sinungan Kumpêni | kathahira kalih atus | sadaya pêpilihan | myang wadya Mêkasar Bugis | sigra mangkat pan sampun ginawan surat || |
| 11.031 | samya numpak ing baita | babar layar angsal angin | tan kawarna lampahira | ing laotan kang dèn jogi | Jêpara muwarèki | prapta palwanira labuh | sigra mêntas dharatan | myang sagung wadya Kumpêni | catur ari Kapitan Tak nèng Japara || |
| 11.032 | sawusira parêmbagan | wajidan agya tinuding | ambêkta surate jindral | mring Kartasura nêgari | kinanthèn mantri kalih | Japara gya lampahipun | tan kawarna ing marga | prapta ing Kartasura glis | kang jinujug Radèn Arya Sindurêja || |
| 11.033 | Radèn Arya Sindurêja | aglis tumamèng jro puri | katur ing sri naradipa | yèn surat saking Batawi | sang nata gya nupiksi | sampun kadriya kang têmbung | kagyat ing tyas narendra | dadya angandika aris | hèh Sindurja kaya nagpa karsanira || |
| 11.034 | dening ki layange jendral | anjaluk Sri Surapati | matur Ki Arya Sindurja | yèn suwawia ing [[f. 38v]] gusti | inggih pun Surapati | buroning Kumpêni tuhu | lêhêng pinaringêna | dados manahing Kumpêni | upamine paduka angukuhana || |
| 11.035 | èmêng ing driya narendra | lah Arya mêtua dhingin | timbalana adhi êmas | Dipati Pugêr dèn aglis | lawan Si Adipati | Madura Surabayèku | wis atarya Sindurja | tur pranata sigra mijil | tan kawarna katri sampun katimbalan || |
| 11.036 | Pangeran Pugêr gya prapta | lawan punggawa kêkalih | Jangrana lan Cakraningrat | lajêng tumamèng jro puri | Sindurja kang angirid | praptra[1] ngarsane sang prabu | kapat marêk anêmbah | angandika sri bupati | he yayi mas payo kene ngarsaningwang || |
| 11.037 | majêng pangeran dipatya | manêmbah myang punggawa tri | sang nata ris angandika | paran karsanira yayi | layange jendral iki | Si Surapati dèn jaluk | Êtak ingkang dinuta | anyêkêl ing Surapati | dening mêngko Êtak anèng ing Japara || |
| 11.038 | lah iku sira pikira | ing kono lan punggawa tri | Dipati Sampang tur sêmbah | lan Jangrana atur bêkti | yèn suwawi ing gusti | pinatêdhakêna gupuh | tan wande păncakara | lamun paduka kêkahi | abdi dalêm Kumpêni kalawan Jawa || |
41–42 dari 323
| 1 | prapta (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.36.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.36.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 190.3.6). (kembali) |