Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 59
43–44 dari 323
422–431 dari 3.223
| 11.041 | lan punika băngsa Islam | dening mêksaning Kumpêni | paduka ikang anglèsa | ngakêna tan darbe dasih | iya Si Surapati | ananing nêgaraningsun | tan angabdi maringwang | ana ing pêpatih mami | ya Si Anrangkusuma gone ngawula || |
| 11.042 | katujon sri naranata | myarsa ature kang rayi | mèsêm sarwi angandika | bênêr yayi mas dipati | mêngkono saur mami | kawrata ing angsul-angsul | dening Kumpêni mêksa | anjaluk Si Surapati | sun pundhute iya têka dèn cêkêla || |
| 11.043 | hèh Arya sira mêtua | dhawuhna timbalan mami | mêngkono maring wajidan | nuli tundhungên tumuli | lan Si Răngga Sêmawis | warahên ingsun kang nuduh | ngatêrêna Si Êtak | lan pracayakêna maning | kang sun tuduh rumêksa maring Si Êtak || |
| 11.044 | pangane anèng dêdalan | ya Si Răngga ing Sêmawis | sigra Ki Ar Sindurja |[1] manêmbah anulya mijil | sapraptanirèng jawi | dyan dhinawuhakên gupuh | mring wajidan gya mêsat | pan sampun wartèng Kumpêni | kang ajaga anèng nagri Kartasura || |
| 11.045 | tan kawarna lampahira | kang kari anèng jro puri | sang nata ris angandika | hèh yayi mas adipati | sira sun srahi kardi | dhawuhna [[f. 39v]] timbalan ingsun | marang Si Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | lan Si Anrangkusuma sun karya wayang || |
| 11.046 | lan sagung para punggawa | padha undhangana yayi | kabèh awèha warastra | iya maring Surapati | pangran manêmbah mijil | punggawa kalih tut pungkur | sapraptanirèng jaba | hyang arka wus nitih ngardi | jêng pangeran sapraptaning padalêman || |
| 11.047 | sakèhing para punggawa | dalu ingundhangan sami | maring dalêm Kapugêran | miwah rahadèn apatih | lawan Ki Surapati | Kapugêran sampun rawuh | lan sagunging punggawa | sigra pangran adipati | dhawuhakên timbalanira sang nata || |
| 11.048 | hèh paman Anrangkusuma | timbalane kakang aji | puniku Si Surapatya | jinaluk maring Kumpêni | dika kinarya ringgit | lamun Surapati purun | anglawan dutaning kang | Kumpêni saking Batawi | Kapitan Tak mêngko lagya nèng Japara || |
| 11.049 | nanging ta wis ingandikan | maring kakang sri bupati | kayaparan sanggupira | lamun sira nora wani | nuli lungaa aglis | têka ing Kartasurèku | yèn sira wani nglawan | kakang aji angidèni | lan mènèhi kanthi maring pêkênira || |
| 11.050 | Ki Surapati tur sêmbah | adhuh gusti sang apêkik | sanadyan jendral praptaa | ngêriga wadya Kumpêni | dèn kêbêk nusa Jawi | datan gumingsir ing sanggup | mangke badan kawula | angsal idining narpati | aprasasat paripih kalawan jimat || |
43–44 dari 323
| 1 | Kurang satu suku kata: sigra Ki Arya Sindurja. Bandingkan: Arya Sindurja gya mêdal (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.44.3); Arya Sindurja tur sêmbah (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.44.3); Arya Sindurêja mêdal (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 190.11.3); Arya Sindurja gya mêdal (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.44.3). (kembali) |