Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 59
44–45 dari 323
439–448 dari 3.223
| 11.058 | tuwin andikaning nata | Kapitan Tak sukèng ati | budhal saking ing Japara | anjog nagari Sêmawis | Ki Răngga wus atampi | timbalanira sang prabu | Êtak anulya prapta | lampahira ing Sêmawis | panggih lawan Ki Răngga Martanêgara || |
| 11.059 | sinugata sarewangya | kalih dalu nèng Sêmawis | nulya budhal sawadyanya | Ki Răngga Sêmarang ngiring | rumêksa anèng margi | tundhan lawan panganipun | tan kawarna ing marga | prapta ing Kênêr barênti | masanggrahan Ki Răngga atur uninga || |
| 11.060 | mring nagara Kartasura | yèn Kapitan Êtak prapti | ing Kênêr ngasokkên wadya | katur dhatêng sri bupati | nulya glis animbali | Arya Sindurja tinuduh | karyaa pamondhokan | ing Toyadana dèn aglis | yèn wis dadi Kapitan Tak dèn undanga || |
| 11.061 | sigra Ki Arya Sindurja | pan sampun anandhang wangsit | ngirid punggawa têtiga | tan adangu nulya prapti | ing Toyadana kardi | pakuwon acawis suguh | sigra Arya Sindurja | utusan mantri wèh uning | mring Ki Răngga Êtak kinèn ngaturana || |
| 11.062 | Kapitan Tak wus ngaturan | ing Ki Răngga ing Sêmawis | saking Kênêr nulya budhal | kawarnaa sri bupati | Dipati Surawèsthi | kinèn ngobong-obong dalu | paseban kidul surak [[f. 41r]: su...rak] | ing wadya gumuruh atri | ginumyahkên Surapati ngamuk pura || |
| 11.063 | ya ta lampahira Êtak | ing marga datan winarni | wus prapta ing Toyadana | pinapag jawining kikis | Êtak sampun apanggih | lan Arya Sindurêjèku | tundhuk atêtabean | binêkta lênggah ing panti | Kapitan Tak aris dènira angucap || |
| 11.064 | radèn kawula dinuta | ing jindral lan pra Rat Fêni | anuhun pun Surapatya | kathah dosaning Kumpêni | lan jendral akêkirim | renda kalawan baludru | punapa ta taksiha | kang wasta pun Surapati | anauri Radèn Arya Sindurêja || |
| 11.065 | gèh sudara mêksih ana | kang aran Ki Surapati | nanging tan ngabdi ing nata | angabdi ing Radèn Patih | Nrangkusuma namèki | pêpatihira sang prabu | duk tuwan aputusan | wajidan aturkên tulis | sawingkinge pinundhut Ki Surapatya || |
| 11.066 | karsane sri naranata | kasraha maring Kumpêni | Ki Surapati bêbandan | rahadèn patih ngukuhi | pêksa parêng ngêmasi | ajangji parêng alêbur | dadya băngga ing nata | iya băngga ing Kumpêni | punapa ta Kumpêni botên miyarsa || |
| 11.067 | yèn Radèn Anrangkusuma | amungsuh ing sri bupati | anglabuhi Surapatya | malah ing sadintên wingi | sampun angamuk puri | mêtu ing paseban kidul | sadaya ingobaran | yèn sampuna inggal prapti | Pangran Pugêr atêtulung mring kang raka || |
44–45 dari 323