Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 59
45–46 dari 323
445–454 dari 3.223
| 11.064 | radèn kawula dinuta | ing jindral lan pra Rat Fêni | anuhun pun Surapatya | kathah dosaning Kumpêni | lan jendral akêkirim | renda kalawan baludru | punapa ta taksiha | kang wasta pun Surapati | anauri Radèn Arya Sindurêja || |
| 11.065 | gèh sudara mêksih ana | kang aran Ki Surapati | nanging tan ngabdi ing nata | angabdi ing Radèn Patih | Nrangkusuma namèki | pêpatihira sang prabu | duk tuwan aputusan | wajidan aturkên tulis | sawingkinge pinundhut Ki Surapatya || |
| 11.066 | karsane sri naranata | kasraha maring Kumpêni | Ki Surapati bêbandan | rahadèn patih ngukuhi | pêksa parêng ngêmasi | ajangji parêng alêbur | dadya băngga ing nata | iya băngga ing Kumpêni | punapa ta Kumpêni botên miyarsa || |
| 11.067 | yèn Radèn Anrangkusuma | amungsuh ing sri bupati | anglabuhi Surapatya | malah ing sadintên wingi | sampun angamuk puri | mêtu ing paseban kidul | sadaya ingobaran | yèn sampuna inggal prapti | Pangran Pugêr atêtulung mring kang raka || |
| 11.068 | kaya kalampahan bêdhah | kadhaton dalêm ing wingi | Êtak gagêtun miyarsa [[f. 41v]] | ambanting tapiyonèki | sarwi anampèl wêntis | amulir babrêngosipun | hèh Rahadèn Sindurja | nanti pagi salin ari | Surapati wus kagêm ing astaningwang || |
| 11.069 | sawusira sinêgahan | sakèhing bala Kumpêni | dening Dyan Arya Sindurja | datan kawarna ing latri | ya ta kawarna enjing | wau sira sang aprabu | nimbali pra nayaka | tanapi kang para ari | tinimbalan mring pura ngirid nayaka || |
| 11.070 | tanapi Ki Surapatya | tinimbalan mring jro puri | lan Radèn Anrangkusuma | ingandikan mring jro puri | sinandi lawan silib | mêtu ing paseban kidul | samya marêk ing nata | sira Radèn Surapati | dènnya lênggah awor lan para nayaka || |
| 11.071 | Prabu Mêngkurat ngandika | aris dhumatêng kang rayi | yayi paran karsanira | pangeran matur wotsari | sumăngga ing karsa ji | kawula tan darbe atur | mapan pun Surapatya | tan gumingsir siyang latri | pêjahipun katur ing paduka nata || |
| 11.072 | sang nata malih ngandika | yèn mêngkono karsa mami | yayi dipati ing Sampang | lan Dipati Surawèsthi | karo sun srahi kardi | samaptaa besuk esuk | gusah Si Surapatya | dèn rame kanthaning jurit | wangsitana lawan Si Arya Sindurja || |
| 11.073 | poma karo dèn abisa | akarya sandining jurit | ingsun akarsa umiyat | yudane Si Surapati | lawan Êtak ing benjing | campuhna ing alun-alun | pratiwa kalih nêmbah | rampung wawêling nêrpati [[f. 42r]: nêr...pati] | Surapati tumulya dinuk ing tingal || |
45–46 dari 323