Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11–12 dari 59
46–47 dari 323
455–464 dari 3.223
| 11.074 | mangsah ing ngarsa pranata | wusira tampi wawêling | Surapati nguswa pada | lèngsèr saking ngarsa aji | miwah radèn apatih | wus tampi pitungkas tuhu | sarêng dènira mêdal | lan sagung para bupati | Pangran Pugêr wus mundur saking ngajêngan || |
| 12. Durma | |
| 12.001 | tan kawarna ing dalu wuwusên injang | miyos sri narapati | munggèng sitibêntar | balakuswa sumahab | wong Priyantaka Saragni | kang anèng ngarsa | Dwaja angapit-apit || |
| 12.002 | wong atusan sumambung ing wuri aglar | samya samaptèng wèsthi | Jagabaya ngarsa | sisih wong Sakragnyana | Mandhung Nutra lan wong Miji | wong Anirbaya | nèng ngarsa sikêp karbin || |
| 12.003 | Patranala kalawan wong Darpahita | Maudara Miyanggi | myang wong Brajanala | asisih Wirabraja | Kanoman Patrayudèki | Udamênggala | nèng ngarsa lan Kapilih || |
| 12.004 | Kartiyasa kalawan wong Wisamarta | tulup asikêpnèki | lan Wisapracăndha | Tanuastra Jantaka | amarapit sikêp lêmbing | Singanagara | Martalulut nisihi || |
| 12.005 | wong Katanggung Gandhèk lawan Mantri Mudha | sangkêp ngarsa nêrpati | myang wong Jagasura | Carik lan Suranata | ngayap anèng kanan kèri | Niyaga Kriya | gêdhong kapering wuri || |
| 12.006 | agêng alit samya samaptèng ayuda | miwah pratiwa jawi | andhèr pagêlaran | saha wadya sadhiya | ing alun-alun abaris | kinarya ucap | amrêp ing Surapati [[f. 42v]: Su...rapati] || |
| 12.007 | wong Kumpêni kang ajaga Kartasura | wus sinungan upaksi | ing sang adipatya | ing Sampang Surabaya | yèn agêpuk Surapati | bala Madura | lan wadyèng Surawèsthi || |
| 12.008 | baris anèng pasar sira sang dipatya | kalih munggèng ing loji | pan loji sêmana | mêksih jaro kewala | sagung wong măncanêgari | baris ing Sêndhang | dening wadya pasisir || |
| 12.009 | baris anèng Warung Watu ambêlabar | iya bupati kalih | kang amangku karya | Mandura[1] Surabaya | nahan gantia kawarni | Kapitan Êtak | lan Arya Sindurjèki || |
46–47 dari 323
| 1 | Madura. (kembali) |