Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11–12 dari 59
46–47 dari 323
452–461 dari 3.223
11.071 Prabu Mêngkurat ngandika | aris dhumatêng kang rayi | yayi paran karsanira | pangeran matur wotsari | sumăngga ing karsa ji | kawula tan darbe atur | mapan pun Surapatya | tan gumingsir siyang latri | pêjahipun katur ing paduka nata ||
11.072 sang nata malih ngandika | yèn mêngkono karsa mami | yayi dipati ing Sampang | lan Dipati Surawèsthi | karo sun srahi kardi | samaptaa besuk esuk | gusah Si Surapatya | dèn rame kanthaning jurit | wangsitana lawan Si Arya Sindurja ||
11.073 poma karo dèn abisa | akarya sandining jurit | ingsun akarsa umiyat | yudane Si Surapati | lawan Êtak ing benjing | campuhna ing alun-alun | pratiwa kalih nêmbah | rampung wawêling nêrpati [[f. 42r]: nêr...pati] | Surapati tumulya dinuk ing tingal ||
11.074 mangsah ing ngarsa pranata | wusira tampi wawêling | Surapati nguswa pada | lèngsèr saking ngarsa aji | miwah radèn apatih | wus tampi pitungkas tuhu | sarêng dènira mêdal | lan sagung para bupati | Pangran Pugêr wus mundur saking ngajêngan ||
12. Durma
12.001 tan kawarna ing dalu wuwusên injang | miyos sri narapati | munggèng sitibêntar | balakuswa sumahab | wong Priyantaka Saragni | kang anèng ngarsa | Dwaja angapit-apit ||
12.002 wong atusan sumambung ing wuri aglar | samya samaptèng wèsthi | Jagabaya ngarsa | sisih wong Sakragnyana | Mandhung Nutra lan wong Miji | wong Anirbaya | nèng ngarsa sikêp karbin ||
12.003 Patranala kalawan wong Darpahita | Maudara Miyanggi | myang wong Brajanala | asisih Wirabraja | Kanoman Patrayudèki | Udamênggala | nèng ngarsa lan Kapilih ||
12.004 Kartiyasa kalawan wong Wisamarta | tulup asikêpnèki | lan Wisapracăndha | Tanuastra Jantaka | amarapit sikêp lêmbing | Singanagara | Martalulut nisihi ||
12.005 wong Katanggung Gandhèk lawan Mantri Mudha | sangkêp ngarsa nêrpati | myang wong Jagasura | Carik lan Suranata | ngayap anèng kanan kèri | Niyaga Kriya | gêdhong kapering wuri ||
12.006 agêng alit samya samaptèng ayuda | miwah pratiwa jawi | andhèr pagêlaran | saha wadya sadhiya | ing alun-alun abaris | kinarya ucap | amrêp ing Surapati [[f. 42v]: Su...rapati] ||
46–47 dari 323