Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
12 dari 59
53–54 dari 323
522–531 dari 3.223
| 12.067 | Kapitan Tak mulat ing Baritman pêjah | asru bramatya runtik | angairi[1] bala | sakarine kang pêjah | Kumpêni atata malih | parêng umangsah | sira Tak mobat-mabit || |
| 12.068 | ngamuk anèng ngarsa tandange lir yêksa | Kumpêni byuk nulungi | Surapati tadhah | miwah rahadèn patya | sawadyanira mangukih | ngantêp ing yuda | gumulung golong [[f. 46v]] pipis || |
| 12.069 | Kapitan Tak sinosog ing watang atap | malèsèd nora busik | sru krodha tandangya[2] | lir pendah rasêksendra | Surapati marêpêki | Kapitan Êtak | ginoco wanti-wanti || |
| 12.070 | nora pasah malah putung kang curiga | Rahadèn Surapati | wus salin curiga | malah kongsi ping tiga | dènnya goco nitir-nitir | Kapitan Êtak | panggah datan gumingsir || |
| 12.071 | upasira Kapitan Tak kalih wêlas | durbus agêming jurit | byuk parêng apasang | undurbus parêng munya | sira Radèn Surapati | sawadyanira | sayah ing prang gumingsir || |
| 12.072 | nèng pagongan atarap sami alênggah | Kumpêni ambêdhili | saking doh kewala | tan wani amarêka | sira Radèn Surapati | wus kadhawuhan | ing timbalan nêrpati || |
| 12.073 | Surapati nêdha sampun ta kalayatan |[3] dinukan ing sang aji | Radèn Surapatya | aris ing aturira | sandika aso kariyin | pan dèrèng suda | manahipun kang abdi || |
| 12.074 | lawan rencang punika wontêning brana | arsa anginum warih | inggih tiga wêlas | kang sami nandhang brana | wong Anggandhèk nulya bali | mring sitibêntar | matur ing sri bupati || |
| 12.075 | pan wus katur saature Surapatya | mèsêm sri narapati | dadya ris ngandika | dhumatêng arinira | Pangeran Pugêr Dipati | hèh yayi êmas | sayah Si Surapati || |
| 12.076 | tuwanana yayi êmas dèn ainggal | manawa nêniwasi | gya pangran dipatya | ngaras padaning raka | tumêdhak saking sitinggil | mring kamandhungan | apanggih lan dasih |[4]| |
53–54 dari 323
| 1 | angairit. (kembali) |
| 2 | tandangnya (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Surapati nêdha sampun kalayatan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 110.72.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.81.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.72.1); Surapati nêdha sampun kêlayatan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 194.14.1); Surapati nêtdha sampun kêlayatan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.72.1). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: apanggih lawan dasih. Bandingkan: panggih lan wadyanèki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 110.75.7); wus panggih lan wadyèki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.84.7); panggih lawan kang abdi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 194.17.7); kapanggih lan kang abdi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.75.7). (kembali) |