Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
12 dari 59
54–55 dari 323
533–542 dari 3.223
| 12.078 | iya samya busanane Surapatya | wusnya samaptèng jurit | mingêr ngilèn agya | mangalèr lampahira | malipir anjog ing masjid | wadya wolulas | tan pisah lan gusti |[1]| |
| 12.079 | sigra mêdal saking masjid lampahira | ing alun-alun prapti | lampahe mangetan | Surapati tumingal | yèn Pangran Pugêr nulungi | sigra umangsah | wongira rêbut dhingin || |
| 12.080 | Surapati angantêp pangamukira | miwah radèn apatih | Kumpêni atadhah | sigra radèn apatya | Pangeran Pugêr wus prapti | nalabung ing prang | amor ing Surapati || |
| 12.081 | jêng pangeran mangsah ingarsanira[2] Tak | kinarutug ing bêdhil | pangeran apanggah | sigra anglandhak watang | Kyai Palèrèd pinusthi | Kapitan Êtak | anulya dèn larihi || |
| 12.082 | jajanira tatas anrus ing walikat | niba lajêng ngêmasi | wadya Kapugêran | wolulas sarêng mangsah | lir andaka tawan kanin | numbak Wêlănda | kadya numbak cêcindhil || |
| 12.083 | têtumpêsan wong Kumpêni ingkang gêsang | tan ana măngga pulih | gêmpang ingamukan | dening wong Kapugêran | myang wadyane Surapati | bathang Wêlănda | tinon susun atindhih || |
| 12.084 | wong Kumpêni kari salawe kang gêsang | wadya Makasar Bugis | sumawur lumalya | sigra Arya Sindurja | nulungi maring [[f. 47v]] Kumpêni | kang padha brana | samya binêtèng loji || |
| 12.085 | Surapati sarewange lir swapêna | mulat bathang Wêlandi | sang sri naradipa | kang anèng sitibêntar | suka ngandika sang aji | tuhu prawira | iya Si Surapati || |
| 12.086 | timbalana yayi mas dipati inggal | lawan Si Surapati | Si Anrangkusuma | lurah Gandhèk manêmbah | tumurun saking sitinggil | wus tinimbalan | sira pangran dipati || |
| 12.087 | lawan Surapati minggah sitibêntar | miwah radèn apatih | prapta ngarsa nata | katiga sarêng nêmbah | asru ngandika sang aji | padha bageya | kang mêntas mênang jurit || |
54–55 dari 323
| 1 | Kurang satu suku kata: tan pisah lawan gusti. Bandingkan: tan pisah lawan gusti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.86.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.77.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 194.19.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.77.7); tan ana sah lan gusti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 110.77.7). (kembali) |
| 2 | ing ngarsanira (dan di tempat lain). (kembali) |