Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
13 dari 59
56–57 dari 323
560–569 dari 3.223
13.016 suyud nagri kanan kèri | ing Bangil lan Prabalingga | ing Pajarakan wusdene | ing Daha lan Wirasaba | myang Sarêngat Balitar | ing Ngantang Rênon sumuyud | seba maring Pasuruan ||
13.017 sawetaning Ardi Wilis | kang băngga samya binahak | sampun andadi barise | dipati măncanagara | prapta ing Kartasura | tan antara lajêng katur | ing nata sasolahira [[f. 49r]] ||
13.018 sukèng tyas sri narapati | nahan ingkang kawarnaa | pan sampun myarsa wartine | Kumêndur Sêlut Driansah | kang anèng ing Japara | yèn Kapitan Êtak lampus | tumpê[1] sakumpêninira ||
13.019 ayuda lan Surapati | ing alun-alun gènnya prang | sêmana mêngkak manahe | Kumêndur Sêlut Driansah | sampun akarya surat | dutanira aglis laju | layar maring Batawiyah ||
13.020 mangkana ingkang winarni | Rahadèn Arya Sindurja | sampun lumampah dutane | maring nagara Japara | pan andikaning nata | kinèn aprasadu sung wruh | yèn Êtak tiwas ing rana ||
13.021 miwah wadyaning nêrpati | akathah kang nandhang brana | samya pinarcayakake | duta wus prapta Japara | anêdhakakên surat | marang ing Kumêndur Sêlut | Driansah gya tinupiksa ||
13.022 miyarsa têmbunging tulis | kumêndur èmêng ing nala | mila tansah gèbèg-gèbèg | duta wus aglis tinulak | tan mawi ingangsulan | mangkana ikang cinatur | pan nagari ing Japara ||
13.023 wong Jawa lawan Kumpêni | tan ana saba-sinaba | butarêpan sadinane | ya ta duta Kasindurjan | prapta ing Kartasura | katur dhatêng sang aprabu | yèn kumêndur sangêt mêngkak ||
13.024 mangkana sri narapati | animbali pra dipatya | lènte kang para arine | katri wus malêbèng pura | marêk ing ngarsa nata | aris angandika prabu | hèh yayi mas adipatya ||
13.025 paran karsanira yayi | dening si kumêndur mêngkak | ing mêngko ta karsaning wong | yèn ana kang dadi marga | bêcik uga wasisan | ilanga kalilip ingsun [[f. 49v]] | Pangeran Pugêr turira ||
56–57 dari 323

 


tumpês. (kembali)