Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
13 dari 59
56–57 dari 323
552–561 dari 3.223
| 13.008 | sang nata kondur mring puri | wadya gumêrah ing jaba | kang sewaka bubar kabèh | sinêngkalan duk ayuda | Surapati lan Êtak | walu lang winayang prabu |[1] ing dalu kang kawarnaa || |
| 13.009 | Kumpêni kang anèng loji | duk ing dalu kesahira | aicir kala inggate | karainan duk ing marga | tumpês dening wong desa | ya ta sira sang aprabu | injing miyos sinewaka || |
| 13.010 | pêpêkang wadya gêng alit [[f. 48v]] | pratiwa para nayaka | miwah Pangeran Pugêre | lan Pangran Arya Panular | miwah Rahadèn Tapa | alênggah ing ngarsa prabu | aris ingkang pangandika || |
| 13.011 | hèh yayi mas adipati | salungane si apatya | ikang ingsun gêntèkake | iya Si Arya Sindurja | angrèha pra nayaka | Pangeran Pugêr jumurung | ing karsanira sang nata || |
| 13.012 | kalawan maninge yayi | ya adhinira Si Tapa | wus kaliwat diwasane | ing mêngko sun wèhi aran | Pangran Arya Mataram | sun wèhi desa wong sèwu | lawan si adhi Panular || |
| 13.013 | karo padha sun paringi | lungguh nglimang atus ewang | kalawan nyayi[2] maninge | si paman Natakusuma | ingsun gawe wadana | wong gêdhe wadananipun | kang rayi jumurung karsa || |
| 13.014 | mufakat samya ngèstrèni | sagung nayaka prawara | ing karsanira sang katong | nahan gantya kawarnaa | Rahadèn Surapatya | ingkang mêksih dèn bêbujung | ing ênu datan winarna || |
| 13.015 | praptèng Pasuruan nagri | sakèhing para dipatya | kang bêbujung bali kabèh | sira Radèn Surapatya | anèng ing Pasuruan | wus têtêp dènira lungguh | tan ana ingkang sumêla || |
| 13.016 | suyud nagri kanan kèri | ing Bangil lan Prabalingga | ing Pajarakan wusdene | ing Daha lan Wirasaba | myang Sarêngat Balitar | ing Ngantang Rênon sumuyud | seba maring Pasuruan || |
| 13.017 | sawetaning Ardi Wilis | kang băngga samya binahak | sampun andadi barise | dipati măncanagara | prapta ing Kartasura | tan antara lajêng katur | ing nata sasolahira [[f. 49r]] || |
56–57 dari 323
| 1 | Tanggal: walu lang winayang prabu (AJ 1608). Tahun AJ 1608 jatuh antara tanggal Masehi: 9 Desember 1684 sampai dengan 27 November 1685. Lihat juga: naga sirna angrasa wani (AJ 1608) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 111.9.5–6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.9. 5–6); gajah lunga kawayang jalma (AJ 1608) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.9.5–6). Sangkala ini mengacu pada peristiwa pertempuran malam antara pasukan Untung Surapati dan Kapitan Êtak (VOC), yang berujung pada kematian Kapitan Êtak. Kejadian ini menandai ketegangan militer antara Kartasura dan VOC yang makin meningkat. (kembali) |
| 2 | yayi ( dan di tempat lain) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.14.3). Bandingkan: adhi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 111.14.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.14.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.13.3). (kembali) |