Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14 dari 59
66–67 dari 323
654–663 dari 3.223
14.024 rahadèn patih ngandika malih | dhawuhakên timbalaning nata | hèh sudara lan maninge | timbalane sang prabu | aprakara Si Surapati | anèng ing Pasuruan | madêg barisipun | ambahak măncanagara | karsa nata amundhut wadya Kumpêni | amukul Surapatya ||
14.025 anadene kang tinuduh kardi | Adipati Sampang Surapringga | angirid pasisir kabèh | karsane sang aprabu | yèn wus pêpêk sakèhing baris | sasi ngajêng punika | nênggih angkatipun | yèn wis dadi kang pirêmbag | pêkênira sudara kintuna tulis | pasthine kang ubaya [[f. 56v]] ||
14.026 Kumêndur Sêlut agya nauri | gih kawula angaturi surat | mri[1] Batawiyah rahadèn | tur wikan ing durnadur | yèn sang nata mundhut Kumpêni | amukul Surapatya | manawa angrêgu | kang mandhirèng Pasuruhan | radèn patih ing kumêndur wus apamit | bubar mring pasanggrahan ||
14.027 tan kawarna solahirèng wêngi | rahadèn patih anèng Japara | angsal nêm dalu lamine | wus amit ing kumêndur | nulya bubar radèn apatih | mulih mring Kartasura | saha wadya umung | kumêndur tur-aturira | ing sang nata akathah awarni-warni | kabêktèng radèn patya ||
14.028 tan kawarna laminirèng margi | lampahira Dyan Arya Sindurja | myang punggawa sakancane | prapta Kartasurèsuk | lajêng manjing ing Srimanganti | katur ing naradipa | ingandikan mangsuk | sapraptanira ngajêngan | Radèn Arya Sindurja bukuh ngabêkti | miwah catur punggawa ||
14.029 sampun katur ing sri narapati | lampahira duk anèng Japara | Ki Martapura solahe | gumujêng sang aprabu | ing tyas saha ngandika malih | hèh Patih Martapura | sanak putunipun | kabèh padha biratana | ingsun ora arsa angakua dasih | bèbète Jiwaraga ||
14.030 rahadèn patih matur wotsari | ngaturakên sagunging bicara | myang kumêndur tur-ature | sadaya sampun katur | radèn patih anulya mijil | lawan catur punggawa | nahan kang winuwus | nênggih ingkang kawarnaa [[f. 57r]: kawar...naa] | Panêmbahan Kajoran kang anèng Wukir- | kidul mangkya abăngga ||
14.031 sabêdhahe nêgara Kêdhiri | pisahira lawan Trunajaya | panêmbahan pangilène | wong bang wetan kèh milu | padêdesan anggusti-gusti | mulih maring Kajoran | ngadêg barisipun | akathah wong sumawita | lami-lami kapyarsa saking Matawis | duk Prabu Ingalaga ||
14.032 mêksih anèng nêgara Matawis | gya ginitik ing yuda kasoran | panêmbahan sakawone | ngungsi ing Wukirkidul | tapèng tirahing jalanidi | lawan sasabatira | nèng guwa anêkung | wus lawas dènira tapa | panêmbahan ing mangke umadêg baris | kêkuwu ing Malambang ||
14.033 wong Gunungkidul samya sumiwi | angraja-raja mring panêmbahan | sampun andadi barise | nèng Malambang kêkuwu | cucuking prang sampun ngudhuni | baris anèng Kalesan | dènnya ngirup-irup | kiwa têngêning Kalesan | ingkang băngga tan adan nulya ginitik | suyud sakèh wong desa ||
66–67 dari 323

 


mring (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.26.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.26.3). (kembali)