Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
18 dari 59
99–100 dari 323
990–999 dari 3.223
18.047 jarijwa karênggèng sêsotya di | mirah bang lan ijo | nila intên widuri sasine | hèr laut anèng ing driji manis | kumroyok kaèksi | kadya lintang wuluh ||
18.048 amêwahi rungruming pangaksi | lir apsari layon | asrawungan ing pracalitane | sêngkang bapang rinukma amawi | kitir intên bumi | barungi pandulu ||
18.049 kagyat sang rêtna mulat ing ari | sinapèng sêbda lon | adhimas baya ana gawene | Radèn Sudira umatur aris | inggih animbali | ing dika bokayu ||
18.050 rama atamuan ing putra ji | Pangran Dipatyanom | dika kinèn ngladèkna jambene | mèsêm dyan ayu angandika ris | sungkan aku isin | dhayohe wong agung ||
18.051 iya iku putrane wa aji | bêsur wartaning wong | bonggan aku ngladèkna jambene | yayi maring dhêdhayoh awêdi | bok dèn calunthangi | wantune wong agung ||
18.052 apa gawene têka mariki | wakane si bancol | Radèn Sudira aris ature | bilih dinukan ing rama aglis | radèn ayu ajrih | nut ing arinipun ||
18.053 ngowahi sinjang saliring sari | gêlunge winaon | kasêmêkanira wus winancèn [[f. 86v]] | lumampah sinjang narampad siti | lir ringgit ing kêlir | têngah ngandul-andul ||
18.054 Radèn Sudira lumakyèng wuri | praptèng panti kulon | sang dyah anata pawohan age | munggèng lêlancang kancana rukmi | têmbakone wangi | apunira campur ||
18.055 suruh canang sadakira rawis | jambe wangèn rambon | mangkat sang rêtna asta têngêne | năngga lancang astanira kèri | nyangking buntar tapih | tindak kapirangu ||
18.056 èsmu merang mulat ing sang pêkik | Pangran Dipatya Nom | kumêdhèp tasmak[1] micarèng tyase | bayèki paman wêkanirèstri | tuhu yu linêwih | mandah ing tilam rum ||
99–100 dari 323

 


têsmak (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 113.56.3). (kembali)