Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2–3 dari 59
8–9 dari 323
73–82 dari 3.223
02.027 angandika aris Sang Natèng Alaga | ingsun arsa udani [[f. 11r]: uda...ni] | tingkahing ayuda | sun arsa nglugas raga | angampingi mring si adhi | Arya Panular | dadya sêsilih mami ||
02.028 lagya eca sang nata timbal[1] wacana | kasaru mungsuh prapti | wadya Kartasura | miwah bala Wêlănda | sumahab kadya jaladri | wadya Kalagan | mungkur tan amigati ||
3. Pangkur
03.001 kandhêg wadya Mêngkuratan | nata gêlar amrih kuwating jurit | wadya Kumpêni akumpul | nèng têngah dadi dhadha | sira Arya Sindurja pangawatipun | sisih Dipati Urawan | sang nata kang anèng wuri ||
03.002 sigra anêmbang têngara | bêndhe bèri tinitir amêlingi | swaranira tri gumuruh | tambur abarung surak | kadya guntur asauran ing lor kidul | pasisir măncanagara | ambêlabar tanpa wilis ||
03.003 Kangjêng Susuhnan Mêngkurat | sigra ngrasuk busana cara Wlandi | akêkaos akarêpus | rasukan lapis tiga | bêlah jaja baludru rinenda murub | amojah sinulam sutra | kinatimang mas sinangling ||
03.004 abêbadhong susun tiga | têtirahe sinawud ing widuri | ujwala pating palancur | akuluk sigar jangkang | tinatirah ing renda kancana murub | yèn tinon saking kadohan | kadya durnadur[2] ngajawi ||
03.005 anyuriga pêdhang usar | anèng anggar binalongsong mas adi | tan măntra putrèng Matarum | pinarêk ing dhêdhampar [[f. 11v]] | Magêrsari kapêdhak dalêm supênuh | para punggawa Ing ngarsa | aglar satriya sumiwi ||
03.006 kang ngapit-apit akapang | Jagasura lawan wong Judhipati | sang nata ngandika asru | lah mara kêbutêna | mundhut kuda nulya sumaos ing ngayun | kêkambil cara Wêlănda | salebrak baludru wilis ||
03.007 sang nata nitih turangga | nulya budhal sawadya magêrsari | swaranira tri gumuruh | tambur abarung surak | cucuking prang acampuh buru-binuru | tandange bala Kalagan | lir danawa rêbut daging ||
03.008 wadya Bagêlèn umangsah | tinadhahan dening wadya Kumpêni | arame kang têmpuh lawung | Ngambon Bugis Makasar | wong Bagêlèn tan ana mundur ing kewuh | samya sudira ing rana | binendrong bêdhil Kumpêni ||
8–9 dari 323

 


1 imbal. (kembali)
2 Gurnadur (dan di tempat lain). (kembali)