Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
23–24 dari 59
122–123 dari 323
1.219–1.228 dari 3.223
23.024 mangkana sang kadi rêtna | mêntas siram pan lagya dèn surèni | marang ikang para babu | rema sri ăndrawela | gyannya linggih sang ayu anèng ing panggung | asinjang cindhe kênanga | kakêmbên jingga tinêpi ||
23.025 lir pindah Si Ni Supraba | kang wong priya yèn mulat ing sang dèwi | mangu atêmahan wuyung | nadyan modin kasanglat | kagyat mulat ing wong tatêgar ing pungkur | taman amaripit bata | kang ngiring-iring anêbih ||
23.026 sang dyah aris angandika | sapa ika tatêgar bala bali | ngungak bata taman santun | sang juwita tumêdhak | êmbanira kêkalih ngiring umatur | manawi raka paduka | sampun age têdhak gusti [[f. 109v]] ||
23.027 sang rêtna ris angandika | dudu kangmas dening kêdhik angiring | lan măngsa panglinga ingsun | biyang marang kakang mas | hèh wong ika nganyar-anyari sun dulu | dyan ayu amundhut tăndha | biyang pasangên dèn aglis ||
23.028 ing bata dyan ayu minggah | jinaganan marang êmban kêkalih | ngăndha ikang jaja manglung | candhikala sumirat | wayah pukul lima sang dyah gènnya manglung | ngalor ngulon kuningira | surating arka nêmpuhi ||
23.029 kuninge wadana nawang | sitarêsmi pracalita barungi | Rahadèn Sukra andulu | sigra marêpak bata | parêng paguting liring parêng kumêpyur | kalihe tanpa jamuga | kamantyan kanyaran ngaksi ||
23.030 Dyan Sukra api tan wikan | pan sinamur nyirigakên turanggi | dènnya myat marang sang ayu | ngadêg suraning nala | datan etang ing wuri manggiha lampus | supe wadakaning driya | sangêting asmara kingkin ||
24. Asmaradana
24.001 inyane sang dyah satunggil | kang tumut minggah ing ăndha | nulya kinèn atêtakon | ni enya aris angucap | bagus manira tanya | sapa ranira dinangu | ing gusti radèn saurnya ||
24.002 kawula anaking[1] Patih | Sindurja aran pun Sukra | punika aran duk rare | apêparab Nata Dirja | nging dèrèng pati karan | sang rêtna dènnya ngling asru | kalinganeya Si Sukra ||
24.003 bagus warnanira sêbit [[f. 110r]] | nanging diksura ing tingkah | nora angeman baguse | anganggo kawênang-wênang | konangana kakang mas | pasthi sirahira jabud | wong daladah nora prênah ||
122–123 dari 323

 


Terdapat dua sandangan: anaking atau anake. (kembali)