Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
24 dari 59
124–125 dari 323
1.239–1.248 dari 3.223
24.014 êmbane kalih ngulati | Patrawisa Singanănda | kapanggih anèng ing kêbon | sêsèndhèn jambu drêsana | kalih parêng anêmbah | dhuh anggèr andika emut | sampun anglantur ing karsa ||
24.015 emuta kalamun dasih | punika dede sasama | kang darbe rat Jawi kabèh | kinarsakêna punapa | yèn gusti kang akarsa | nadyan kinaryaa lampus | sayogya kang matènana ||
24.016 Rahadèn Sukra ambêkis | hèh [[f. 111r]] bapa rika mênênga | iya sun labuhi dhewe | sanadyan dadia lesan | ingsun dhewe kang nandhang | tumêkaa lara lampus | sun ambyur sagara braja ||
24.017 bapa sun arsa lunga mring | Kapugêran laku dhustha | sun jujug langonsarine | ênggone kang awèh brangta | sun atur pêjah gêsang | marang kusumaning ayu | kang dukani wong tatêgar ||
24.018 êmbane kalih anangis | dhuh anggèr sampun mangkana | angemana sarirane | lêhêng ămba pêjahana | yèn tan kênèng ngaturan | nênggih nora bisa dulu | Rahadèn Sukra amêksa ||
24.019 nora kêna dèn alangi | anyandhak karbin rahadyan | kargane kinalungake | wayahira sirêp jalma | nuju tanggal ping sanga | kang wulan wus dangu surup | rahadèn acêcawêtan ||
24.020 êmbane kalih gendholi | mêksa mêdal bêbutulan | dadya sami ngiring karo | nahan ingkang laku dhustha | kawarnaa sang rêtna | agunêm lan êmbanipun | anèng gandhok patamanan ||
24.021 amung lêt bata sakêlir | gyanira lan patamanan | mèsêm sang rêtna dêlinge | ya biyang nora kayaa | tênagane Si Sukra | wong anom sugih pêpurun | têka wani anêmpuh byat ||
24.022 hèh biyang sira sun tari | upama pamine biyang | kakang mas Dipati Anom | maring sun yèn uwis puwas [[f. 111v]] | sun lakia Si Sukra | pocapane awak ingsun | apa tan kalêbu nistha ||
24.023 umatur Êmban Sulastri | dhuh gusti kalangkung nistha | dening asangêturune[1] | paduka angsal pun Sukra | dasih têdhak-tumêdhak | punika upaminipun | rakanta sampun aseda ||
124–125 dari 323

 


asangêt turune. (kembali)