Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
24 dari 59
124–125 dari 323
1.232–1.241 dari 3.223
| 24.007 | watawis kawula gusti | pun Sukra punika kalap | mulat ing sang kadi sinom | dhuh gusti sintên-sintêna | wong lanang myat paduka | pasthi pra kakang pra kukung | yèn tan panggih dadi edan || |
| 24.008 | mung raka paduka gusti | Kangjêng Pangeran Dipatya | wong anèh-anèh narwètèh | ewa ningali paduka | kangjêng gusti pangeran | yèn ta sampuna wong agung | kalêbu wong gagêmblungan || |
| 24.009 | Rahadèn Sukra winarni | wau dènira tatêgar | anyandêr pan dèrèng adoh | cangkelak wangsul sakala | maripit bata [[f. 110v]: ba...ta] taman | tiningalan ikang manglung | laleyan wus nora nana || |
| 24.010 | kudane sinabêt aglis | nadêr[1] mulih Radèn Sukra | sring mandhêg mangu lampahe | sapraptanira ing wisma | têdhak lajêng anindra | sirêp rare nulya wungu | maring kêbon pêpungkuran || |
| 24.011 | anamur-namur kang wingit | anuju tanggal ping sanga | riyêming sitangsu ngayon | katon kang manglung ing bata | kêkuwu anèng tingal | kasabêt asmara wuyung | Radèn Sukra gadêbugan || |
| 24.012 | tansah sambat-sambat mati | mèh lali purwa duksina | mung radèn ayu nèng tyase | sêsèndhèn jambu drêsana | rêngêng-rêngêng ngrarêpa | angura-ura angidung | kidung rarêpi winarna || |
| 24.013 | adhuh gusti duk ing nguni | kang dukani wong tatêgar | gandês luwês saujare | mandah sajroning paprêman | kang awèh larasmara | dasihe nêmahi lampus | wurunga angèstupada || |
| 24.014 | êmbane kalih ngulati | Patrawisa Singanănda | kapanggih anèng ing kêbon | sêsèndhèn jambu drêsana | kalih parêng anêmbah | dhuh anggèr andika emut | sampun anglantur ing karsa || |
| 24.015 | emuta kalamun dasih | punika dede sasama | kang darbe rat Jawi kabèh | kinarsakêna punapa | yèn gusti kang akarsa | nadyan kinaryaa lampus | sayogya kang matènana || |
| 24.016 | Rahadèn Sukra ambêkis | hèh [[f. 111r]] bapa rika mênênga | iya sun labuhi dhewe | sanadyan dadia lesan | ingsun dhewe kang nandhang | tumêkaa lara lampus | sun ambyur sagara braja || |
124–125 dari 323
| 1 | nandêr. (kembali) |