Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
29 dari 59
134–135 dari 323
1.340–1.349 dari 3.223
| 29.019 | yèn wontêna kang mirib sadhidhik | lathi-lathine bae miriba | lawan dyan ayu padane | pasthi tan sangêt wuyung | ngupadosa sajroning ngipi | mangsa silih angsala | kang kadya sang ayu | gènnya ngling awor karuna | yèn gêpoka padaning dyah pasthi dadi | pamurunging palastra [[f. 119v]] || |
| 29.020 | makatên wau gènipun nangis | ibu rama tan ana kacipta | mung gusti wismèng kalbune | nir tadhah lawan turu | cahya anglong wênês apêkik | kadya laywaning noja | tuhu yèn abagus | yèn mèsêm kêjêr locana | yèn ringgita putra Nata Dwarawati | bêranyak kasêmbadan || |
| 29.021 | lawan Gusti Pangeran Dipati | yèn mênggaha ing sacacak-cacak | warnine dede larape | kêncèd kowok alêngus | raka dika Pangran Dipati | abdi dalêm pun Sukra | abagus anulus | ambêke budi sudarman | yèn èstua ing binjang kalakyan dasih | ing sang mindha Supraba || |
| 29.022 | para pratmaja ari ing benjing | samya pinangkya angrêbat pura | baris Tarayêm arahe | sawarnine wong Kêdhu | Baglèn miwah tiyang Matawis | sadaya kinaitan | kang dèn abên pupuh | minta praja Kartasura | yèn akanthi kalawan pra ratmaja ri | jagat Jawa nèng asta || |
| 29.023 | lan pun Sukra darbe wadya Bugis | pun Rosansah andêling ayuda | pitung dasa sradadune | langkung ing kalih atus | lan Bugise ramane gusti | pun Sukra apratignya | sedaa sang prabu | rakanta Pangran Dipatya | upamane dadya ji Sukra tan apti | ngawula ing rakanta || |
| 29.024 | gumujêng sira sang mindha sari | nora jamak atine Si Sukra | sagunung Lawu gêdhene | pêksa mondhong maring sun | apa kêlar si [[f. 120r]] dhêngkah sêbit | manggul si păncawora | yèn kêlara manggut | waringin kurung kinêmbar | binêdhola ginawe tukoning kami | nuli sun asrah raga || |
| 29.025 | yèn dadia pikire si baring | pantês lamun rewangana gêndra | yèn sêmbadaa baguse | nahan ingkang winuwus | Radèn Suryakusuma prapti | ing ngarsane kang rama | manguswa ing suku | kang rama anèng pahêman | ratmaja glis nêmbah ngaturakên tulis | ing rama tinampanan || |
| 29.026 | tinupeksa têmbunging kintaki | pèngêt ingkang srat Pangran Dipatya | Anèm saha lan sêmbahe | bêkti kawula katur | mring pun paman ingkang pinuji | kang ambak[1] santa bodya | paramartèng wadu | sampuning kadya punika | wiyosipun kawula ngaturi uning | dhumatêng kangjêng paman || |
| 29.027 | aprakawis putra andika ri | ajêng ing mangke madayèng karsa | lampah culika tindake | pun Sukra lawanipun | urup wastra myang urup sari | akirim-kiniriman | surat wangsul-wangsul | titi panuksmaning sêrat | jêng pangeran jaja bang lir wora-wari | ngatirah kang pasuryan || |
| 29.028 | sumung kumêjot padoning lathi | kang para putra samya ngandikan | gya prapta anèngarsandhèr[2] | pangeran ngandika sru | hèh Sudira undangên aglis | kakangira Si Lêmbah | inggal mring ngarsèngsun | Rahadèn Suryakusuma | nêmbah mintar praptèng gandhok [[f. 120v]: gandho...k] langonsari | unggyanira kang raka || |
134–135 dari 323
| 1 | ambêk (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.23.6). Bandingkan: mahambêk (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 143.28.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.25.6). (kembali) |
| 2 | anèng ngarsandhèr. (kembali) |