Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 59
136–137 dari 323
1.353–1.362 dari 3.223
29.032 ingsun kagèt nyayi nuli tangi | lah ta yayi sira pardikaa | rahadèn aris ature | tan kaduga ing sêmu- | nipun ipèn angèl dinugi | kang nginggalakên prapta | sigra radèn ayu | gêpah umarêk ing rama | èsmu maras prapta ngarsa angabêkti | kang rama angandika ||
29.033 babo sira anak ingsun nini | sira uga alaki bêndara [[f. 121r]: bê...ndara] | yèn ala sandhangên dhewe | aja gêgawa mring sun | myang rinira aja kèmbèt ing | sira kojat ing praja | yèn ayu pinunjul | nanging tan kanggo akrama | nora bodho wong agung wêranèng Widi | tan kêna winaonan ||
29.034 Radèn Ăntawirya wus winêling | mring kang rama yèn prapta kang raka | kinèn ngularana age | ing tilamira rawuh | pasareaning raka nuli | gêguling binalengkrah | rarêpèn katêmu | anèng sangandhaping bantal | Nyai Tambakbaya sampun dèn awêri | tan awèh lunga-lunga ||
29.035 Radèn Ăntawirya nulya prapti | ingarsa kang rama angandika | hèh nini muliha age | sang ayu nêmbah mundur | sakingarsaning[1] rama sarwi | kumêmbêng ingkang waspa | samarga kasandhung | sapraptanira ing tilam | parêkane umatur sarwi anangis | gusti rayi paduka ||
29.036 Radèn Ăntawirya angulari | srat rarêpèn kapanggya binêkta | sang ayu sapamyarsane | ing manahira gumyur | lajêng niba ngrungkêbi guling | nahan Dyan Ăntawirya | srat rarêpi katur | ing rama kadugèng driya | sumung-sumung ngandika pasthining Widi | sun lingsêm margèng suta ||
29.037 hèh Sudira lêkasana aglis | kakangira Si Lêmbah trapêna | kisase sadina kiye | kabèh pra putraningsun | yèn gigua sun upatani | lawan Si Tambakbaya | ja kari [[f. 121v]] dèn gupuh | ratmaja wiyang ing driya | nêmbah mintar para rinira angiring | marang ing patamanan ||
29.038 para gêrwa samya anungkêmi | padaning raka sarwi karuna | radèn ayu sêpuh anèm | ngalangi karsanipun | suka samya atalang pati | jêng pangeran akêkah | kang tangis gumuruh | aris dènira ngandika | aja sira padha angrubêdi pikir | măngsa kênaa giwang ||
29.039 dadya wêlas atêmahan lalis | yèn atmajanira wèt ing dunya | angakèhkên durakane | yèn iku nuli kokum | ing akherat dosane kêdhik | jêng pangeran tumêdhak | mring panêpèn mujung | kang para gêrwa karuna | ganti ikang kawarna kang para siwi | prapta ing patamanan ||
29.040 radèn ayu kagèt aningali | ing para rinira padha prapta | sang ayu ris panapane | linggiha ariningsun | Radèn Suryakusuma angling | kangbok ămba dinuta | ing rama amundhut | pêjah gêsang jêngandika | ing samangke dyan ayu alês ing galih | saure pêgat-pêgat ||
29.041 para putra samya dèn sungkêmi | dening êmban asru tangisira | Tambakbaya wus tinalèn | tangis umyang gumuruh | para enya myang para cèthi | kadya gêrah kasêpta | para ibu rawuh | gumulung anglud karuna | wadya alit Kapugran kagyat agati | saos anèng paseban ||
136–137 dari 323

 


saking ngarsaning (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)