Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
29–30 dari 59
137 dari 323
1.361–1.370 dari 3.223
| 29.040 | radèn ayu kagèt aningali | ing para rinira padha prapta | sang ayu ris panapane | linggiha ariningsun | Radèn Suryakusuma angling | kangbok ămba dinuta | ing rama amundhut | pêjah gêsang jêngandika | ing samangke dyan ayu alês ing galih | saure pêgat-pêgat || |
| 29.041 | para putra samya dèn sungkêmi | dening êmban asru tangisira | Tambakbaya wus tinalèn | tangis umyang gumuruh | para enya myang para cèthi | kadya gêrah kasêpta | para ibu rawuh | gumulung anglud karuna | wadya alit Kapugran kagyat agati | saos anèng paseban || |
| 29.042 | lawang regol pan sampun kinancing | kawarnaa kang [[f. 122r]] samya karuna | tanbuh polahe êmbane | para ibu angrubung | radèn ayu angandika ris | paran gènnya suminggah | yèn wis jangjinipun | jêng rama kirang pariksa | kang ginugu ature kangmas Dipati | mantune nora layak || |
| 29.043 | aturêna sêmbah ingsun nyayi | mring jêng rama alat[1] gampil ingwang | Rahadèn Ăntawirya ge | marêk ing ramanipun | prapta ngarsa matur ngabêkti | saature kang raka | sadaya wus katur | kang rama sru angandika | lah dèn age aja wlas daging-adaging | kadang aja kêsmaran || |
| 30. Asmaradana | |
| 30.001 | yèn Si Sudira upami | lênggana ing karsaningwang | myang para rinira kabèh | yèn duwe gigu ing driya | nguntapakên si rara | sun upatani sirèku | radèn lèngsèr saking ngarsa || |
| 30.002 | praptèng dalêm langonsari | umatur dhatêng kang raka | kangjêng rama timbalane | kawula samya ngupatan | gigua mring andika | para ibu myarsa anglud | ing tangis sang dyah lingira || |
| 30.003 | lah antinên dhingin nyayi | ingsun arsa akujamas | rêraga sun sucèkêne | biyang agawea lăndha | sang ayu gya tumêdhak | kujamas lan enyanipun | sasampunira asiram || |
| 30.004 | agagănda amrik minging | kang kênaka karampungan | sampun nyolong[2] ing citrane | wênês ijo anglong jiwa | para [[f. 122v]] ibu sadaya | samya ingandikan mêtu | saking gupit patamanan || |
| 30.005 | myang para ban lawan cèthi | mung kari Ni Tambakbaya | kang taksih kari anèng jro | ya ta wus mêdal sadaya | para êmban lan enya | kandhêg sajawining pintu | ya ta kang para pinutra || |
| 30.006 | Radèn Sudira agipih | gènnya nyandha[3] cindhe sêkar | arsa kinarya anglawe | agya kang raka cinandhak | astane siji sewang | sarwi kumêmbêng kang êluh | kapêksa ajrih ing rama || |
137 dari 323
| 1 | galap (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 143.45.2). (kembali) |
| 2 | nyêlong. Bandingkan: nyêlongi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 144.4.3); cêlong (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 222.23.3); anglong (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.129.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 126.4.3). (kembali) |
| 3 | nyandhak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.131.2). Bandingkan: anyandhak (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 126.6.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 144.6.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 222.25.2). (kembali) |