Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 59
8–9 dari 323
77–86 dari 3.223
| 03.003 | Kangjêng Susuhnan Mêngkurat | sigra ngrasuk busana cara Wlandi | akêkaos akarêpus | rasukan lapis tiga | bêlah jaja baludru rinenda murub | amojah sinulam sutra | kinatimang mas sinangling || |
| 03.004 | abêbadhong susun tiga | têtirahe sinawud ing widuri | ujwala pating palancur | akuluk sigar jangkang | tinatirah ing renda kancana murub | yèn tinon saking kadohan | kadya durnadur[1] ngajawi || |
| 03.005 | anyuriga pêdhang usar | anèng anggar binalongsong mas adi | tan măntra putrèng Matarum | pinarêk ing dhêdhampar [[f. 11v]] | Magêrsari kapêdhak dalêm supênuh | para punggawa Ing ngarsa | aglar satriya sumiwi || |
| 03.006 | kang ngapit-apit akapang | Jagasura lawan wong Judhipati | sang nata ngandika asru | lah mara kêbutêna | mundhut kuda nulya sumaos ing ngayun | kêkambil cara Wêlănda | salebrak baludru wilis || |
| 03.007 | sang nata nitih turangga | nulya budhal sawadya magêrsari | swaranira tri gumuruh | tambur abarung surak | cucuking prang acampuh buru-binuru | tandange bala Kalagan | lir danawa rêbut daging || |
| 03.008 | wadya Bagêlèn umangsah | tinadhahan dening wadya Kumpêni | arame kang têmpuh lawung | Ngambon Bugis Makasar | wong Bagêlèn tan ana mundur ing kewuh | samya sudira ing rana | binendrong bêdhil Kumpêni || |
| 03.009 | Tumênggung Gajahpramada | wus angiwa sarewangya[2] ingirid | ing Karapyak kang jinujug | anjog ing Ngantên tata | Măndhalika angirid rerehanipun | anurut gunung mangetan | ing Mutihan kang dèn jogi || |
| 03.010 | dening ingkang dadi dhadha | Pangran Arya Panular kang nindhihi | wadya Bagêlèn pinangku | sirarya Tambakbaya | lawan Arya Surajaya anèng ngayun | dadya sêsabêting rana | prawira sudirèng wèsthi || |
| 03.011 | arame têmpuhing yuda | wong Kalagan pangamukira ngukih | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | kumêroyok wong Bagêlèn tandangipun [[f. 12r]: ta...ndangipun] | arame sêrang-sinêrang | wong Kalagan akèh mati || |
| 03.012 | ikang Sinuhun Ngalaga | amirangti[3] anèng wurining baris | wong Mataram parêngamuk[4] | pêngkuh wong Kartasura | sinusupan kukuse sundawanipun | dening wadya ing Kalagan | kang katrajang angêmasi || |
8–9 dari 323
| 1 | Gurnadur (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | sarewangnya (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: sarowangnya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 100.9.2). (kembali) |
| 3 | amiranti (dan di tempat lain). (kembali) |
| 4 | parêng ngamuk (dan di tempat lain). (kembali) |