Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 59
9–10 dari 323
84–93 dari 3.223
| 03.010 | dening ingkang dadi dhadha | Pangran Arya Panular kang nindhihi | wadya Bagêlèn pinangku | sirarya Tambakbaya | lawan Arya Surajaya anèng ngayun | dadya sêsabêting rana | prawira sudirèng wèsthi || |
| 03.011 | arame têmpuhing yuda | wong Kalagan pangamukira ngukih | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | kumêroyok wong Bagêlèn tandangipun [[f. 12r]: ta...ndangipun] | arame sêrang-sinêrang | wong Kalagan akèh mati || |
| 03.012 | ikang Sinuhun Ngalaga | amirangti[1] anèng wurining baris | wong Mataram parêngamuk[2] | pêngkuh wong Kartasura | sinusupan kukuse sundawanipun | dening wadya ing Kalagan | kang katrajang angêmasi || |
| 03.013 | mawut wadya Kartasura | bingung prange akèh pisah lan gusti | samya angumpul ing pungkur | Măndhalika glis mara | saking kidul Jangrana mapag ing ngayun | kalawan Arya Sindurja | arame bêdhil-binêdhil || |
| 03.014 | rame têmpuhing ayuda | Arya Măndhalika wus ambêk pati | angamuk sawadyanipun | dadya rame gêmporan | Ki Tumênggung Gajahpramada gya rawuh | lajêng nêmpuh saking kiwa | Ki Urawan kang nadhahi || |
| 03.015 | ki adipati ing Dêmak | Suranata sêmana glis tinuding | atulunga yudanipun | ing Dipati Urawan | Suranata wus angirid wadyanipun | Tumênggung Gajahpramada | Suranata dèn tadhahi || |
| 03.016 | arame sêrang-sinêrang | Ki Tumênggung Gajahpramada ngukih | sawadyanira angamuk | lir danawa mamăngsa | wong ing Dêmak nadhahi tan ana mundur | arame campuhing yuda | wong ing Dêmak akèh mati || |
| 03.017 | ing wuri saya kèh prapta | angêbyuki karoban wong Matawis [[f. 12v]] | pasisir sadaya rawuh | wong Kudus lan Jawana[3] | Lasêm Rêmbang Japara Tuban Sidayu | Tumênggung Gajahpramada | ingurugan ing pêpati || |
| 03.018 | katiban mimis sêsawat | wêntisira watgata tiba linggih | ana kaponakanipun | aran Răngga Wijaya | kagèt mulat ing paman tiba alungguh | agêpah pinalajêngan | ingkang paman dèn tangisi || |
| 03.019 | watara kari rongdasa | sêntanane tan adoh angubêngi | Răngga Wijaya umatur | tuwan nitiha kuda | dipun age kawula gawa lumayu | Tumênggung Gajahpramada | nêdya mati ing ajurit || |
9–10 dari 323
| 1 | amiranti (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | parêng ngamuk (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | Bandingkan: Juwana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 100.17.4). (kembali) |