Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 59
9–10 dari 323
90–99 dari 3.223
03.016 arame sêrang-sinêrang | Ki Tumênggung Gajahpramada ngukih | sawadyanira angamuk | lir danawa mamăngsa | wong ing Dêmak nadhahi tan ana mundur | arame campuhing yuda | wong ing Dêmak akèh mati ||
03.017 ing wuri saya kèh prapta | angêbyuki karoban wong Matawis [[f. 12v]] | pasisir sadaya rawuh | wong Kudus lan Jawana[1] | Lasêm Rêmbang Japara Tuban Sidayu | Tumênggung Gajahpramada | ingurugan ing pêpati ||
03.018 katiban mimis sêsawat | wêntisira watgata tiba linggih | ana kaponakanipun | aran Răngga Wijaya | kagèt mulat ing paman tiba alungguh | agêpah pinalajêngan | ingkang paman dèn tangisi ||
03.019 watara kari rongdasa | sêntanane tan adoh angubêngi | Răngga Wijaya umatur | tuwan nitiha kuda | dipun age kawula gawa lumayu | Tumênggung Gajahpramada | nêdya mati ing ajurit ||
03.020 cuculana bênting ingwang | gya winuwur bêntinge cindhe wilis | binêbêdakên ing tatu | lingya[2] Gajahpramada | lumayua kabèh sanak-sanak ingsun | aturêna sêmbah ingwang | ing gusti sri narapati ||
03.021 osiking manah karuna | sapa ingkang among gusti sang aji | sun têdha maring Hyang Agung | gustiku ing Mataram | mugi-mugi anaa ingkang têtulung | lananga tulus sinêmbah | ing wadyabala sa-Jawi ||
03.022 kawula amit pralaya | ing payudan dadya bantêning nagri | pan kawula sampun pênuh | kêkucahing kang swarga | têkèng mangke kawula dèrèng anaur | kalangkung tiwas kawula | amongmong ing sri bupati ||
03.023 santananira sadaya | padha nangis ing ngarsa anggendholi | sadaya ngaturi [[f. 13r]: ngatu...ri] mundur | wadya tumpês ing rana | Ki Tumênggung Gajahpramada sru muwus | age padha lumayua | ingsun wus karsaning Widi ||
03.024 mungsuh kanan kèri prapta | ambêdhili ki tumênggung tan gingsir | wus ingambên tatunipun | sigra nitih turangga | ngagêm watang sinabêt turangganipun | majêng sarwi ngikal watang | sêdya ngamuk ambêk pati ||
03.025 lir pindah[3] dirada mêta | ki tumênggung pangamuke wus lali | kang katrajang mawut-mawut | kang panggah pagah gêmpang | pinetaran sanjata pasêr lan bungsur | suligi srampang brêngkolang | towok panah lawan lêmbing ||
9–10 dari 323

 


Bandingkan: Juwana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 100.17.4). (kembali)
lingnya (dan di tempat lain). (kembali)
pendah (dan di tempat lain). (kembali)