Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3–4 dari 59
10–11 dari 323
98–107 dari 3.223
03.024 mungsuh kanan kèri prapta | ambêdhili ki tumênggung tan gingsir | wus ingambên tatunipun | sigra nitih turangga | ngagêm watang sinabêt turangganipun | majêng sarwi ngikal watang | sêdya ngamuk ambêk pati ||
03.025 lir pindah[1] dirada mêta | ki tumênggung pangamuke wus lali | kang katrajang mawut-mawut | kang panggah pagah gêmpang | pinetaran sanjata pasêr lan bungsur | suligi srampang brêngkolang | towok panah lawan lêmbing ||
03.026 wong siji pira kuwatnya | upamane abêbalunga wêsi | sungsuma gêgala putung | turangganira pêjah | Wurubraja wêkasan tiba alungguh | sarira akathah pasah | rinêbut para dipati ||
03.027 Gajahpramada wus pêjah | sêntanane akèh kang milu mati | akêdhik ingkang lumayu | akèh mati ing rana | sira Arya Măndhalika maksih tarung | arame sêrang-sinêrang | padha prawira bèr wani ||
03.028 sigra Adipati Dêmak | Suranata angingêrakên baris | mangiwa arsa têtulung | myang barising Japara | Lasêm Rêmbang Juwana Pathi lan Kudus | ing Tuban lawan Sidaywa | Kya Măndhalika tan gingsir ||
03.029 Cakraningrat saha wadya | atêtulung awor wong Surawèsthi | sarêng dènira [[f. 13v]: dèni...ra] anêmpuh | kèlêban wong Mataram | ingurugan sanjata pasêr ngandhanu | bingung wadya Măndhalikan | tan ana nêdya ngunduri ||
4. Durma
04.001 ramening prang alah duk Patrunajaya | wong Mataram wus lali | rêmpêg pangamuknya | sinasiwo ing kathah | tan ana ingkang nanggêni | ingkang katrajang | wong pasisir angisis ||
04.002 Arya Măndhalika majêng asêsumbar | rêbutên ing ajurit | iki Măndhalika | dhangkèle wong Mataram | kang amomong sri bupati | barênga mara | hèh cêcindhil pasisir ||
04.003 mêngko uga ungsume iwak amijah | mangsane kali banjir | kèh sasêngkan anyar | nora etang ing pêjah | kumaruk dadi priyayi | anak wong nyantrang | wuru dadi priyayi ||
04.004 Kartajaya sira iku lir camêra | nora narima bêcik | pan wis angawula | ing Sinuhun Ngalaga | ing mêngko iki ambalik | Si Dêmak edan | têka ngèngèr Kumpêni ||
10–11 dari 323

 


1 pendah (dan di tempat lain). (kembali)