Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 59
9–10 dari 323
83–92 dari 3.223
03.009 Tumênggung Gajahpramada | wus angiwa sarewangya[1] ingirid | ing Karapyak kang jinujug | anjog ing Ngantên tata | Măndhalika angirid rerehanipun | anurut gunung mangetan | ing Mutihan kang dèn jogi ||
03.010 dening ingkang dadi dhadha | Pangran Arya Panular kang nindhihi | wadya Bagêlèn pinangku | sirarya Tambakbaya | lawan Arya Surajaya anèng ngayun | dadya sêsabêting rana | prawira sudirèng wèsthi ||
03.011 arame têmpuhing yuda | wong Kalagan pangamukira ngukih | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | kumêroyok wong Bagêlèn tandangipun [[f. 12r]: ta...ndangipun] | arame sêrang-sinêrang | wong Kalagan akèh mati ||
03.012 ikang Sinuhun Ngalaga | amirangti[2] anèng wurining baris | wong Mataram parêngamuk[3] | pêngkuh wong Kartasura | sinusupan kukuse sundawanipun | dening wadya ing Kalagan | kang katrajang angêmasi ||
03.013 mawut wadya Kartasura | bingung prange akèh pisah lan gusti | samya angumpul ing pungkur | Măndhalika glis mara | saking kidul Jangrana mapag ing ngayun | kalawan Arya Sindurja | arame bêdhil-binêdhil ||
03.014 rame têmpuhing ayuda | Arya Măndhalika wus ambêk pati | angamuk sawadyanipun | dadya rame gêmporan | Ki Tumênggung Gajahpramada gya rawuh | lajêng nêmpuh saking kiwa | Ki Urawan kang nadhahi ||
03.015 ki adipati ing Dêmak | Suranata sêmana glis tinuding | atulunga yudanipun | ing Dipati Urawan | Suranata wus angirid wadyanipun | Tumênggung Gajahpramada | Suranata dèn tadhahi ||
03.016 arame sêrang-sinêrang | Ki Tumênggung Gajahpramada ngukih | sawadyanira angamuk | lir danawa mamăngsa | wong ing Dêmak nadhahi tan ana mundur | arame campuhing yuda | wong ing Dêmak akèh mati ||
03.017 ing wuri saya kèh prapta | angêbyuki karoban wong Matawis [[f. 12v]] | pasisir sadaya rawuh | wong Kudus lan Jawana[4] | Lasêm Rêmbang Japara Tuban Sidayu | Tumênggung Gajahpramada | ingurugan ing pêpati ||
03.018 katiban mimis sêsawat | wêntisira watgata tiba linggih | ana kaponakanipun | aran Răngga Wijaya | kagèt mulat ing paman tiba alungguh | agêpah pinalajêngan | ingkang paman dèn tangisi ||
9–10 dari 323

 


1 sarewangnya (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: sarowangnya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 100.9.2). (kembali)
2 amiranti (dan di tempat lain). (kembali)
3 parêng ngamuk (dan di tempat lain). (kembali)
4 Bandingkan: Juwana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 100.17.4). (kembali)