Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30 dari 59
138–139 dari 323
1.378–1.387 dari 3.223
| 30.014 | padha aturêna yayi | papan cuki sagagragan | padha sun gawa marene | cukine saparo êmas | kang saparo salaka | ngrong kati bobote iku | yayi padha aturêna || |
| 30.015 | lawan cindhe dawa siji | iku ikang ingsun gawa | Kangmas Dipati duwèke | sinjang kêmbên sun anggawa | dhewe têka ing wisma | lah ta mara ariningsun | warnaku waspadakêna || |
| 30.016 | kang cindhe nulya tinarik | sang ayu amêgêng nafas | angêningakên tingale | tan samar patitisira | wêkasing sangkan paran | kêjêp kamurcaning tuwuh | cumêkik sarêng aniba || |
| 30.017 | kagyat ingkang para ari | atêbah jaja karuna | nulya pinarnah ujure | wau layone kang [[f. 123v]] raka | rinămpa wus pinarnah- | akên Ni Tambakbayèku | apan sampun pinêjahan || |
| 30.018 | nulya binuka kang kori | kang para ibu sadaya | prapta samya mangsuk ing jro | myang para ban lawan enya | myat laywan gilang-gilang | binyukan tangis gumuruh | pra putra marêk ing rama || |
| 30.019 | marêk samya asmu tangis | andhèr ngarsane kang rama | matur wus pêjah kakange | kang rama asru tiafar | nêbut astaghfirolah | kawarnèng jawi gumuruh | miyarsa dudu wadinya || |
| 30.020 | sigra samya tata baris | kawula ing Kapugêran | kang warta pan sampun adoh | Pangeran Arya Mataram | undhang wadya samapta | budhal saking wisma gupuh | lan Pangran Arya Panular || |
| 30.021 | praptèng Kapugêran aglis | wadya baris anèng marga | pangeran kalih maring jro | wus panggih kalawan raka | ya ta kang para gêrwa | wus dangdan mangkat malêbu | sêdya tur uningèng nata || |
| 30.022 | anarka yèn dadi jurit | lawan wadya Kasindurjan | Dyan Ayu Pugêr lampahe | gupuh adharat kewala | datan kawarnèng marga | praptèng pura lajêng mangsuk | sang nata nèng Prabayasa || |
| 30.023 | kampita sri narapati | aglis dènira anapa | kadingarène bok ipe | maring pura awan-awan | baya na karsanira | atawa lamun ingutus | yayi maring lakinira [[f. 124r]: lakini...ra] || |
138–139 dari 323