Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30–31 dari 59
140–141 dari 323
1.395–1.404 dari 3.223
| 30.031 | Rahadèn Sukra wus rakit | lir macan anèng kalangan | arsa nglanggar Kadipatèn | tansah ingampah ing wadya | jinagan ing santana | Rahadèn Sukra angadhuh | katon ingkang awèh rimang || |
| 30.032 | tyasira kadya jinait | sumyar-sumyar tarataban | arsa asalah kapatèn | myarsa sang ayu pralina | ingsun kang awèh dosa | antènana sun angamuk | anglangi ing ganjur watang || |
| 30.033 | ingsun arsa gênti kêris | suka awora ludira | kalawan Dipati Anèm | dhuh rama amit palastra | nadyan silih pêjaha | yèn bela putraning ratu | măngsa ingsun undurana || |
| 31. Durma | |
| 31.001 | asmu duka Sri Naranata Mêngkurat | têdhak mring Srimanganti | wadya jro sumahab | saastra sikêpira | Priyantaka lan Saragni | aglar ing ngarsa | Pinilih anambungi || |
| 31.002 | sisih samya Pinilih para mantrinya | lan Panèkêtirèki | angayap ing nata | anyaosi ampilan | wong Jagasura nambungi | lan wong Jantaka | sikêp ganjur marapit || |
| 31.003 | Maodara Miyăngga myang Anirbaya | nèngarsa sikêp karbin | sisihira samya [[f. 125r]] | padha ngong[1] Anirbaya |[2] wong Brajanala nambungi | lan Wirabraja | wau kang anisihi || |
| 31.004 | Kartiyasa asisih wong Wisamarta | tulup pasikêpnèki | myang wong Patrayuda | asisih wong Kanoman | Jagabaya kang nisihi | wong Sangkragnyana | Mandhung Nutra nisihi || |
| 31.005 | sikêp panah asisih Wisapracăndha | samya samaptèng jurit | wong Singanagara | aglar ing ngarsa nata | wong Martalulut nisihi | myang Darpahita | Patranala myang Miji || |
| 31.006 | wong Anggandhèk Mantri Anom anèngarsa | Katanggung anisihi | Carik Suranata | Pratiwa Jro nèng ngarsa | jrih mulat runtikira ji | yèn tan pêjaha | Sukrarsa anindaki || |
| 31.007 | samya marêk sakèhing Pratiwa Jaba | myang Nayaka pasisir | lèn măncanagara | Adipati Madura | lan Dipati Surawèsthi | wadya nèng jaba | ngalun-alun abaris || |
140–141 dari 323
| 1 | wong. (kembali) |
| 2 | Bandingkan: sisih sami Nirbaya (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.3.4). (kembali) |