Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 59
137–138 dari 323
1.370–1.379 dari 3.223
30.006 Radèn Sudira agipih | gènnya nyandha[1] cindhe sêkar | arsa kinarya anglawe | agya kang raka cinandhak | astane siji sewang | sarwi kumêmbêng kang êluh | kapêksa ajrih ing rama ||
30.007 Radèn Săngka Sudama glis | nyêkêli Ni Tambakbaya | Rahadèn Dipatruna ge | lan Radèn Wăngsataruna | nyêkêli ikang raka | asta kiwa têngênipun | tansah angusapi waspa ||
30.008 rahadèn ayu ling aris | adhiku kalumpukêna | Si Săngka Sudama kabèh | dèn pêrêk kalawan ingwang | tingalana manira | wêkasane atatêmu | lawan para ariningwang ||
30.009 sang dyah waspanya drês mijil | mulat ing para rinira | asrêt alon pamuwuse | dhuh yayi padha karia | ingsun amit ing sira | padha dongakêna ingsun | mugi ta antuka marga ||
30.010 agya akukub cawêni | sarwi anglungakên jăngga | cindhe gya tinalèkake | kiwa Radèn Ăntawirya | Radèn Suryakusuma | ikang munggèng têngênipun | dupi arsa siningsêtan [[f. 123r]: siningsêta...n] ||
30.011 sang ayu angandika ris | mêngko yayi antèkêna | ingsun amamêkas manèh | aturêna sêmbah ingwang | maring ing ibu rama | lan amitna patiningsun | maring Pangeran Dipatya ||
30.012 lan aturna sêmbah mami | marang jêng uwa narendra | sun anuhun apurane | mring Pangeran Adipatya | sun dhingin pinaringan | sêsotya intên jumêrut | rong kêmbaran aturêna ||
30.013 lan rêtna campaka wilis | mirah selan nêm kêmbaran | widuri sasi lan ijo | iku padha aturêna | lawan dhakon sêlaka | kêcike swasa rongatus | bobote dhingin rong katya ||
30.014 padha aturêna yayi | papan cuki sagagragan | padha sun gawa marene | cukine saparo êmas | kang saparo salaka | ngrong kati bobote iku | yayi padha aturêna ||
30.015 lawan cindhe dawa siji | iku ikang ingsun gawa | Kangmas Dipati duwèke | sinjang kêmbên sun anggawa | dhewe têka ing wisma | lah ta mara ariningsun | warnaku waspadakêna ||
137–138 dari 323

 


1 nyandhak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.131.2). Bandingkan: anyandhak (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 126.6.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 144.6.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 222.25.2). (kembali)